Rabu, 17 April 2013

Lalu's Problem of Dompet Ilang


Dino iki aku, Hasan, Yazed ambek Rendi nang kantin koyok biasae. Pesen mangan, gojlok-gojlokan sampek siram-siraman banyu es kepruk kendil nang kunu. Seng menang mesti Rendi mergane areke gak Cuma nyiram tok, tapi nyemprot liwat untune seng koyok selang pemadam kebakaran seng onok tulisan “sedot wc” iku seng nggarakno Rendi menangan. Sak marine iku pegel kabeh wes, terus mandek wong papat, delok-delokán, sampek nduwe pikiran dewe-dewe. Seng Yazid aku yakin pasti mikirno Halim.

Sak marine mangan lan ritual iku maeng rek, onok arek seng teko. Iyo, aku yo kaget, kok isok lalu isok ngerti nggone ritual awak dewe. Opo ancene arek iku duwe alat pendeteksi rambot brentek yo? Embo maneng se. yoweslah. Iku nggarakno penasaran aku. Lalu moro nang awak dewe ambek praen kudu mangan untune Rendi. Wajah yang memukau membuatku kudu neseng ndeloké. Lalu moro nyedek koyok menje marani sego karak. Sediluk, areke moro. Sak menit,,,,,,rong menit…….telung menit…… sampek menit-menitan areke longgo. Tak delok arek iku sediiiiihhhh ngunu koyok mari kelangan jati dirine. Diluk engkas areke takon nang awak dewe. Sak benere se curhat, gak takon.

Lalu mulai cerito nang awak dewe, ternyata arek iku onok masalah rek. Iyo,,,,, sumpah,,, masalah lo, duduk masakan. Lalu cerito masalae ambek awak dewe. Arek iku mari kelangan dompet sak isine, aku kaget, Hasan kaget Yazed kaget, Rendi goyang harlem shake ambek gembira ambek ngomong “aku duwe konco kelangan dompet,,, hahaha…. Ternyata ada yang lebih kopler dari aku,.” Kabeh ngguyu. Seng Lalu wajae miris rek. Tak takoni onok opo ae isine nang dompet maeng. Seng lalu njawab onok sembarang kaler. Tak sauti maneng “berarti nang dompetmu pisan awakmu nyengetno pacarmu?” seng liyane arek-arek ngguyu. Aku tola-tole. Opo onok seng salah nang aku?. Yowes lah terus lanjut. Seng Hasan nyumet rokoke. Aku ndelok Hasan nyedot keluk terus ditokno menisor keluke,. Dengan kata-kata koyok Jiraiya tokoh Jepang iku arek iku ngomong “Hidup itu keras..!!!” kabeh ngguyu. Seng Rendi takon nang hasan “awakmu dungaren des ngomong teges?” seng Hasan ngguyu ambek ndudokno rokoke seng kebul-kebul “iki opo ceng seng nggarakno..” seng aku ndelok ambek ngguyu kekel eleng omongane pak Aceng seng ngomong ngrokok iku nggarakno sehat. Morongunu Lalu curhat maneng tentang isine dompet iku maeng rek. Diomongi nek dompet iku isine duwek plus STN ne sepeda. “lawas…!!!” sauté Hasan “nek koen iseni Jodohmu y owes tak toleki kaet maneg.” Ngguyu kabeh ngrungokno omongane Hasan maeng. “ojok guyon tala rek,,, aku iki temenan.” Sauté Lalu. Aku meneng mikir. Terus Hasan langsung ngomong “yo nguruso surat kehilangan disek nang polisi. Masalah KTP mu gampang. Engkok langsung nang polisi kabeh ngomongo nek awakmu kelangan dompet sak isine.” Seng kabeh ndelok nang Hasan. Seng Rendi langsung ngomog “ koen kok dungaren teges des? Wes lereno rokoan des, engkok nggarakno pinter ae koen des.” “hidup itu keras ceng. Nggak selalu enak” sauté Hasan. Hahaha…. Wes lah aku pegel ndelok engkelan-engkelane arek loro iku. Morongunu tak delok jam, wes jam setengah 11, wayae mlbu dosen killer instinct rek. Wes buyar dewed ewe. Teko cerito dino iki aku maeng entok telung  amanat. Seng pertama, nek oleh masalah mending share nang konco. Ben konco isok ngewangi nyelesaino. Seng nomer loro iku  seng jare Hasan maeng. Eleng rek, nek hidup itu keras, hidup butuh perjuangan. Terus seng nomer telu iki rek seng terpenting. Yoiku Rokok nggarakno awakmu pinter. Pinter ngglambyar maksudku, hahahah…. Wes rekkk,,,, daaaaaahhhhhh…………….. komen sakperlune yo,,,, 

Minggu, 14 April 2013

Translation Klepon


Pas jam 11 an aku kate mlbu nang kelas rek. Iki wayae pelajaran Translation Spoken. Nek di boso jowone iki artine penterjemah ambek ngomong. Nek prasaku rek iki pelajaran seng aneh. Wong y owes onok buku terjemahan sampek google translate, tapi sek onok ae pelajaran koyok ngene iki. Emboh gunane opo pelajaran iki. Eowes lah lanjut. Sek pas kate mlbu, aku tenguk-tenguk nang loni kampus koyok biasae. La iku aku kepetukán ambek seng jenenge Hasan ambek Randi lagi peluk-pelukan, terus mlbu nang jedeng bareng. Aku ngiler rek, bukane ngiler kepingin, tapi kudu mutah ndelok arek loro iku. Sakwise iku arek loro maeng tak celok, malah aku gak direken abek arek karo iku maeng. Wes lah sak karepe. Aku ijenan maneng. Tak delok arek loro maeng munggah tak takoni kate nang endi terus njawab mlbu kelas. Aku sakjane gak percoyo nek kate mlbu kelas, tapi sak jek mari ndelok praene Rendi seng kudu ngeseng iku aku pale percoyo. Terus maringunu aku nututi mlbu kelas.

Nang kelas koyok biasae rek. Aku lungguh pinggire Nuna. Terus si Rendi ambek Hasan pisah. Tak delok wajae Rendi sedih koyok mari ndelok kadal porek lagi neseng iku membuat rambut si hasan nangis. Wes lah bahno karepe arek-arek. Diluk engkas pak dosene teko. Wonge njelasno tentang cara nggawe note utowo symbol nek kate nerjemahno boso inggris nang boso Indonesia. Aku tola-tole iki karepe yoopo se? wes emboh,,, terus bla…bla…bla… dosene mari njelasno. Aku tambah bingung. Terus sak marine iku dosene njupuk hape terus disumet. Ehhh,,,, di setel music. Tak jareku dosene ape ngejak nggawe harlem shake, tapi iki malah nyetel cerito asal muasal gunung bromo. Diluk engkas disetel musike…. Ttttiiiiiiiiiitttt….. duaaarrr,,,,,, music dimulai..

Ndilalah dosene nyetel boso inggris tok kabeh, gak nok boso jowone. Aku bingung, aku ape nginceng engkok jarene nyonto. Yoweslah aku tola-tole ambek nggambar gak karu-karuan. Wes lah terus diluk engkas ceritone mari. Kabeh dikongkon ndudokno hasile rangkuman berupa simbola maeng, terus diwoco. Aku tola-tole, wong seng tak tulis gak nggenah kabeh. Aku takon nang Rendi “gambarmu yoopo ceng?” eh,… ,malah si Rendi nggambar betmen nang kertase. Aku mbengaok Hasan “gambaranmu yoopo san?” eh malah Hasan meneng ae, eowes lah. Terus kabeh dikongkon cerito. Arek siji cerito…. Teruuuussss….. teruuuussss…. Sampek giliranku. Aku tola-tole maneng, wong gambaranku koyok ngene., yoopo isok diwoco?


Wes lah aku PD ae tak woco gambaranku. Aku ngomong bla……bla…..bla,,…,, pokoke tak padakno karo cerito sangkuriang, arek-arek podo ngamok kabeh. Aku meneng gak isok obah maneng, wes lah aku amek pasrah tok. Mergane wedi ditawur arek sak kelas engkok aku dadi iwak peyek nang kelas. Sak marine iku aku males wes,. Seng hasan takon nang aku dengan suara merintih kebelet ngeseng “”maeng seng kokonut maeng iku diapakno nang cerito? Kok sawangane ditempak, terus berubah dadi opo ngunu kokonut e.” aku mikir kokonut nek boso inggris, diboso jowono lak kelopo se. yo tak bales ae jawabku “aku gak ero, pokoke seng tak ero yo artine kokonut iku kelopo” Hasan cegek, gak nole maneng. Aku bingung, iki emange aku salah ta? Wes lah bahno. Sak maringunu, diterangno ambek dosene kejadiane. Bla….bla….bla…. terus the end. Lho,,,?? Yoopo se dosen iki, aku during ero malah the end. Yowes lah bahno. Terus pelajaran mari rek, aku metu nyelok Hasan ape takon ceritane maeng. “klopone sido diapakno san maeng??” takonku nang Hasan. Hasan njawab enak ambek ngguyu “nek perasaan maeng kelopone didadekno klepon, terus dipangan buto, maringunu moncrot dadi lahar nang gunung bromo.” Aku meneng, mikir,,,, Hasan malah ngguyu kekel. Aku takon maneng nang Hasan “seng temen ceritane iki??” “aku dewe yo gak ero critane nyeeeeeeeeeetttttttttttt…” jawabe Hasan maeng. Aku getun rek gak ero critane gunung bromo. Wes lah, seng penting nang crito dino iki aku isok njupuk hikmah yen pelajaran kupinge ojo dibuntu ambek masalah, wes iku tok. Sak maringunu aku ambek Hasan nang kantin. Rendi mbengok njaluk melok.

Selasa, 02 April 2013

Wong Gelap


Dino iki aku bingung tugas rek. Mulai teko tugas kuliah, tugas omah sampek tugas pemerintahan ngeberantas kaum alay (lho???). wes lah, sirahku yo cekot-cekot pas isuk-isuk d isms ambek seng jenenge Rendi. Areke takon “sido nang perpuse tonggo kampus ta?” aku bingung. Tak bales ae “takokno hasan ae, arek iku kan kepala suku.” Terus si Rendi bales “aku engkok kerjo, paleng berangkat jam 10 an nang kampus.” Aku males mbales sms e Rendi maeng. Aku mikir kaet maeng, mergane tugase pak Mamat yo dorong tak woco. Wes lah, budal saiki ae nang kampus, ambek moco-moco nang kampus ae. Aku ndelok jam. Wes jam setengah pitu. Yowes lah aku budal.

Sak marine aku totok kampus, aku kepetok Cahyadi nang parkiran. Areke nawani tugase pak mamat maeng, tak jawab ambek aku “sepurane ce, aku ndelok tulisan pale eleng rambute Yazed.” Malah areke ngguyu. Terus diluk engkas Hasan sms aku. Iki sms e serius rek, areke ngejak nang perpuse kampus tonggo. Aku budal, tapi aku gak ero dalane. Terus aku ditelpon. Tak wara aku gak ero dalan. Terus ditakoni ambek areke dalan seng tak ero. Yo tak wara dalan mole nang omah seng taka pal,,, eh…. Malah dipisui aku, emang aku salah ta? Eowes lah, terus tak wara yoopo nek tak enteni nang Ramayana Bunggurasih. “ok” jare Hasan. Sak marine ditelpon Hasan maeng, aku langsung mluncur nggowo Chiko.

Wes diluk engkas, aku totok nggon Ramayana rek… diluk engkas Hasan teko. Aku kaget pertamae. Teko adoan areke nggowo arek wedok,,, eh ternyata areke nggonceng Halim, seng rambute lurus dowo koyok grojokan pet wudlune masjid iku menggetarkan hatinya Hasan paleng. Wes lah, cak-cek langsung budal. Sret….sret….sret… kiro-kiro sak jam wes totok nggon aku.

Totok kono, aku< Hasan ambek Halim bingung. “liwat endi rek?” takonku. Seng Hasan nelpon kancane, seng Halim pisan. Emboh…. Sibuk dewe-dewe, sak marine iku berangkat maneng rek,,, totok fakultas sastra, bahasa dan budaya. Aku ambek arek-arek mlbu nang kunu. Seng Hasan tola-tole bingung. “ndoleki sopo san?” takonku. “koncoku, tapi tak sms gak mbales, gak diakoni paleng aku.” Aku meneng, Halim ngguyu. Terus maringunu, aku ambek arek-arek mlaku mlbu nang kampus iku rek, terus aku ambek Halim gak nyadar nek Hasan moro-moro nggandeng cewek meeeenn…. Temen lo,,, wes ayu, imut, cilik, putih, unyu, lan gurih. Seng Halim kaget. “lho????” aku yo kaget yoan tapi baba wes lah, eh ndilalah seng Halim ngomong. “sopo iku? Mentolo MENTOLO ae,,, hahahaha” aku melok ngguyu. Wes mari, wayae mlbu nang perpus rek. Seng goblok saiki iku aku rek, sumpah. Aku koyok gak duwe duso nang kunu. Aku nylidir ae. Wes sepatu tak gawe, nyeludur gak permisi, tas tak gowok pisan. Seng petugase takon nang aku. “mas….” Aku noleh, “apa pak???” “tasnya ditauh sini mas…” jawab e seng nonggok perpus. Aku macak goblok ae, tak deke tas ku, terus wonge takon. “dari mana mas?” “daari IAIN pak…” goblooooooooooooooookkkkkkkkkk…… nang atiku. Arek-arek macak melas kabeh. Konangan wes nek aku “orang gelap.” Wes lah, urusan titik,,,, beé ae aku kate dihukum. Koyok nang tipi-tipi iku, seng nek konangan terus digantung ambek sewek gak diumbah sak tahun. Duh,,, aku mikir,… eh,,,, ndilalah aku mek dijalok KTM ku tok… sukur lah,,, etru aku bebas moco nang kunu rek,,, betah aku nang kunu, disamping bukune wakeh, akeh cewek nganggur… hahaha,,, wes lanjut. Nang kunu aku sakno Hasan. Ternyata, areke alergi ambek cewek rek,,,, iku maeng pas mari nggandeng cewek, areke langsung mimisen,,, tapi anehe, kok mimise werno koneng yo???? Oooo….. pilek areke. Wes nang kunu wong telu moco-moco rek. Aku moco skripsi, Hakim iyo pisan, Hasan njupuk skripsi ambek Koran Jawa Pos. “gawe opo san?” takonku. Eh,,, malah areke meneng nutupi gete koneng nang irunge maeng. Yowes lah,,,, sak marine aku ambek arek-arek moco, aku mole rek. Nang kunu aku nang parkiran, njupuk sepeda, terus mole ambek arek-arek. Pas wayae mole, ndilalah aku ambek arek-arek kesasar maneng,. Wes lah ancene deritae Jomblo mesti kesasar. Terus aku teko kampus jam 12 an. Aku ijenan nang kampus. Hasan ambek Halim nang Royal disek, embo, paleng pacaran disek. Yowes lah, aku nang kampus terus nang masjid, sholet. Tak eleng-eleng maneng goblokku maeng rek. Iki kenek gawe pengalaman, nek ape nang nggon anyar,. Ojo lali ijin sek, engkok nek gak ijin, iso dipangan ambek wong seng duwe. Pelajaran saiki seng tak oleh teko dino iki maeng rek “wong gelap ojo sampek delap.” Oke a??? wes yo… daaaaahhhh….

Senin, 01 April 2013

Koco lan Moto


Dino iki aku kumpul rodok seje rek, mergane aku gak nang kantin, tapi langsung nang masjid. Embo dungaren wetengku kok gak demo nang aku. Wong biasae jam 10 ae wes demo seng judule “turunkan harga nasi kantin.” Iki wetengku gak demo rek. Paleng-paleng wetengku iki wes jinak paleng. Sak marine iku, aku langsung nang masjid ambek arek-arek. Koyok biasae aku kumpul sholat jamaáh rek. Sak marine jamaáh koyok biasae, aku kumpul ambek arek-arek ngadakno ritual rutin seng diadakno sedino pisan. (iku minimal reeeekkk,,,,) wajib pisan rek. Wes mari iku, aku, ambek Yazed tok kumpul wisan tapi,  Seng Yazed wes keroso nek Hasan kate mrene. Terlihat radar rambute wes ngadek, obah dewe mbentuk tulisan “enemy” iku langsung nyadar nek ape onok Hasan ape teko nang kunu. Diluk engkas Hasan ambek Rendi teko. Mboooooookkkkk seng Yazed langsung berubah rambute dadi super saiya 4,5. Gelisah, keringet adem metu teko irunge,,,, sak wise iku, Hasan nyedek nang Yazed. Meneng karo. Tola-tole gak jelas. Koyok manten anyar jek tas ketemu… emboh kok isin-isin karo. Wes lah baba. Iku urusane arek-arek. Wes lanjut lah gak ngreken, tak tinggal nang njero masjid. Sholat reeekkk….

Sak marine metu teko masjid, aku kumpul, terlihat sosok-sosok penampakan seng gak jelas. Opo maneng ndelok wajae Rendi seng nggarai aku gerogi kudu neseng ae, membuat perut lapar jadi tertunda, iki kenek gawe obat keluwen wajae Rendi iki. Wes mari sholat, alngsung ritual rek, emboh wes ngomong opo ae nang kunu. Aku nyela ngomong masalah kocomoto. Mergane kocomotoku pecah kocoone rek, kudu nanges nek ngeleng-eleng tragedy menggenaskan iku. Wes lah gak usah dieleng-eleng. Aku takon nang Hasan regone kocoe kocomoto. Jarene mek 30 ewu. Tapi seng Yazed nyauti larang maneng. “aku biyen nggenakno kocoe omahku larang rek, awet pisan.” “kocomoto nyeeeeeetttt…. Duduk koco omah..” sauté Hasan. Terus suwe titik Habib teko. Aku ndelok kocomotoe kok apik. Kocone onok loro lo reek… haha, wes lah, pertama, Hasan nyacak kocomotoe Habib. “iki men piro arek iki? Kok aku ndelok koen pale gak klamben?” Hasan ngomong nang Yazed. “mangkakno, Habib kok ndelok nang Halem ae maeng. Merangsang paleng arek iku. Tembus pandang yo??” sauté Yazed. “matamu a???” sauté Habib. “iku seng men iku rek duduk mripare Habib. Wong biasae seng dikocomotoi iku duduk mripate, tapi bulu hidunge.” Sauté Yazed kejem nang arek-arek. Arek-arek ngguyu kabeh. Seng Hasan nginceng nang lubang hisunge Habib ambek ngomong “iku isi opo ae bib?” seng Yazed nyauti “iku nang njerone iku isi rupo-rupo lho. Onok paser maleme pisan, ketambahan kolam renange, ambek seng luwe penting, nang kunu onok seng dodolan jodoh lo. Bagi jomblo-jomblo iso nang kunu mergane acara take me out iku diadakno nang kunu.” Ngerungokno penjelasane tentang dunia bulu hidung maeng, arek-arek podo ngguyu kekel kabeh. Seng Habib meneng ae. “wes lah rek, aku takon kocomoto kok sampek nang bulu hidung se??” sautku. Arek, arek langsung meneng. Sak marine iku, Hasan nyacak kocomoto maneng, ndelok nang Yazed ambek ngomong “nek ngene ngganteng koen tek,.” “ojok fitnah koen san, wong emakku ae ngomong aku elek, awakmu ngomong aku ngganteng, jelas fitnae yo,.” Sauté Yazed. Sak marine iku, seng Hasan nyoplok kocomotoe Habib maeng. “lho…..” Hasan kaget. Terus digawek maneng kocomotoe. Diluk engkas dicoplok maneng. “lho… nek gak tak gawek kok elek… waaaahhh…. Mbujuk kocomoto iki… jelas nek gak nggawe kocomoto aku” omonga Hasan. Sak marine iku, aku meneng a ewes embuh. Arek-arek kok mbahas iku kabeh. Aku mek takon regane kocomoto tok kok tutuk kehebatane kocomoto. Sak marine iku rek, buyar kabeh, aku mlbu ambek arek-arek nang kelas maneng. Sak durunge mlbu rek, aku nemu quotes seng apik tenteng jomblo rek. Isi quote e ngene. “seorang jomblo itu nggak selalu menyedihkan, menyengsarakan lebih sering.” Aku meker kata-kata iku rek. Iki gak jelas tapi yo ngunu iku. Wes lah, gak usah direken yo…. Daaaaa….

Minggu, 31 Maret 2013

Cara Ngatasi Ngantok Nang Moco


Partuji lagi galau rek, areke jek tas putus cinta. Terus ndolek aktivitas liyane cek isok move on teko mantane. Partuji milih moco. Eh ndilalah kersane alah ben moco oleh kiro-kiro rong menit, Partuji wes ngantuk. Sak jek iku Partuji pale males moco maneng, ngelamun ae, kesurupan lan dadi gendeng. Eman yo,,,.. gara-gara gak moco pale gendeng.

Teko cerito nang ndukur iku rek, kenek gawe kesimpulan nek bongso menungso moco iku gawanane ngantuk ae. Bener ta gak?? Mergane aku biyen yo tau ngalami koyok ngunu iku. Aku biyen sak durunge seneng moco koyok ngene iki, aku yo ngerasakno koyok Partuji, sejene mek Partuji iku mari putus, tapi aku gak tau putus (jomblo emang putus ambek sopo?) wes lah, lanjut. Nang kene, aku ape mbagekno pengalamanku kok sampek moco iku gak ngantuk. Iki pembahasane rek.

1. Moco buku seng mbok senengi

Pembahasan iki rek, nek awakmu gak seneng moco, tapi kepingin iso moco tanpa ngantok, carane yo wocoen buku seng mbok senengi. “Tapi masalae Din, aku gak seneng ambek buku ae. Piye Din?” iku wes resikomu rek…. Hehehe,,, guyon kok. Nggak rek, tapi intine iku wocoen seng mbok senengi, semunggoko hoby mu iku seneng bal-balan. Pertamae yo mocoo Koran sport. Iku usahakno wocoen kabeh kata-katae  nang Koran iku. Nek hoby mu manceng yo moco ae buku panduan mincing. Utowo buku seng onok gambare iwak. Nek hoby mu iku maleng rek. Embo maneng. Iku urusanmu tolek buku tentang maleng. Nek wes mari nemu bukumu reekkk, usahakno ben dino wocoen bukumu. Minimal 21 dino. Iku kanggo kebiasaan tok, ben awakmu biasa ndelok tulisan seng mbulet koyok rambut kriwol.

2. nggowoó barang kesenenganmu

Seng iki rek nek wes mari nglakoni seng ndukur, cobaken moco buku liyane buku kesenenganmu. Wocoen iku reeekkk…. Tapi nek awakmu sek ngantuk ae, nggowoo barang kesenenganmu seng isok ngisi waktu malesmu. Tapi eleng waktu rek. Iki kesadaranmu dewe. Barangmu iku amek gawe ngisi waktu bosen nek pas awakmu keroso ngantuk pas wayae moco buku. Barang seng mbok senengi iso rupo hape, golekán utowo buku pisan. Hahaha… pokoke ojo nggowo pacar rek. Sakno bukumu dadi nagleh fungsi dadi obat lamok.

3. ngejak arek istimewa

Seng nomer terakir iki rek, iku kanggo arek-arek seng niasae males poooollll moco buku, tapi mesti jaim nang pasangane dewe-dewe. Iyo rek,, jaén arek istimewamu kanggo moco. Artine rek, awakmu nang kene kudu moco nang ngarepe arek istimewa. “Nang kene seng jenenge arek istimewa iku yoopo se Din?” yo arek istimewa rek, arek seng mbo senengi, mulai teko pacar, wong tuo, guru utowo dosen, sampek tukang sampah pengger omah yo isok. Tujuanmu nang kene rek, awakmu ben iso mekso awakmu kanggo mbatesi roso ngantuk pas wayae moco buku rek.

Ancene cara-cara koyok ngene iki rek rodok angel mergane mek sewu siji wong seng seneng moco buku. Tapi nek awakmu kuliah rek, iku wajib moco buku kanggo awakmu. Eleng rek, buku iku jendela dunyo. Nek awakmu moco buku berarti awakmu pisan mbukak jendelone ndunyo. Pokoke cara-cara nang ndukur iku isok gak nok gunane blas rek nek awakmu gak duwe niat nglakoni. Dadi intine nang kene rek, awakmu kudu niat kepingin berubah disek rek. Pokoke intine mek siji. Awakmu iku isok ngrubah urepmu. Oke a??? eowes lah…. Da…..

Sabtu, 30 Maret 2013

Debat Boso Inggris


Dino iki aku bingung rek…. Awakmu ero gak opoo aku bingung??? Mergane dino iki aku wayae presentasi. Sak jane se duduk wayahku pwesentasi. Seng luwe jelase se duduk presentasi. Tapi debate bahasa Inggris. Boso Inggris meeeennnnnnn……. Sumpah gak goro aku, temenan boso Inggris reek… hahaha,, wes lanjut. Terus seng tak kawatiri iku rek, aku during siap. Mergane wayae kan duduk aku seng debate, tapi koncoku. Ehhhh…. Ndilalah arek iku gak mlbu. Eowes lah wes wayae, terus morongunu seng tak galauí maneng iku, seng dadi perdebatan saiki iku judule rokok. Nang kunu tulisane “Smoking Should be Allowed” nek artine rek, menurut kamusku seng tak gawe dewe iku berarti ngerokok kudu nang pom bensin. Mergane nek tak wasno, pom bensin iku mesti onok tulisane Smoking. Eowes lah, tak gawe ngunu.

Saiki seng dadi kelompokku iku aku, Hasan, ambek Vici Mimi, teru aku nglawan Cahyadi, Nisa’ambek bintang kampus Rendi Cakep. Pertamane aku gerogi, disamping gerogi gak duwe dasar, aku gerogi ndelok wajae rendi seng buas ngalah-ngalai crocodile. Nek boso jowone buaya darat. Terus liyane iku, aku yo wedi pisan, mergane dosenku iki wes tau nang Amerika lho… temenan, sumpah, iku jarene wonge dewe. Wes lah,,, lanjot maneng. Perdebatan dimulai. Aku ole pihak negative. Dadine aku kudu nolak nek ngerokok iku gpp. Pertarungan dimulai, terlihat si Rendi mengeluarkan taringnya, Hasan wes siap ambek jurus lilitan rambut ambek teknik jitune, seng dijenengi teknik labirin rambut iku seng nggarekno aku semangat. Aku tola-tole, mergane aku gak duwe senjata kanggo tarung. Wes lah, aku dadine nang pihak nomer telu. Nek boso aluse, aku dadi wasit ae lah. Pertandingan dimulai.

Pertama, peraturane sak arek kudu ngomong minimal sak karepe, maksimal 7 menit. Seng pertama Cahyadi ngomong… bla-bla-bla,,,, wes mari. Waktune kiro-kiro rong menitan lah. Terus disauti Vici Mimi maeng. Ngomonge rodok suwe titik. Kiro-kiro rong menit punjul rong detik. Terus disauti Hasan melawan Rendi. Arek loro bertatap muka, tapi sayange seng terakir bertatap rambut dan gigi. Wes ngomong opo nang kunu aku gak ero… tapi pastine tentang rokokan.. suweeeeeee…….. mbahas opo ae gak ero aku, seng Hasan paleng mbahas bahaya rokok pada gigi. Tapi seng Rendi paleng-paleng yo mbahas kegunaan rokok pada rambut berduri dan lain-lain. Wes emboh totok endi critane. Terus seng terakir wayae si Rendi tak bales statemene. Areke ngomong nek rokok iku nyegah TBC. Teru tak sanggah, berarti TBC iku waras nek di keí rokok. Nek ngunu, lapoó nang rumah sakit kok ditulisi dilarang merokok?? Aku njawab ngunu. Tapi aku amek diluk. Waktuku paleng 4 menitan dijupuk sak menit. Hahaha…. Wes lah., morongunu debate buyar, dosene njelasno nek ngerokok iku nggarakno pinter. Aku ambek Hasan ngguyu. Terus ndelok nang Penceng. “rungokno ceng…. hahahaha” iju omongane Hasan nang Rendi Penceng. Mari iku kelas selesai,,, metu kabeh, ngale kelas lan liyo liyane, dadi quote ku saiki iki yoiku “ngrokok nggarai pinter…” meskipun aku gak ero opoó alasane dosenku ngomong ngunu.
NAIKES…..

Coffe Toffe Kampus


sepiiii……..??? iki seng tak rasakno pas aku budal kisuken maneng nang kampus. Wes lah ancene salahku yoan, lapoo aku kok gak ngerti jadwal kuliah bendinane. Aku amek ngeteng arek-arek kelasku mlbu. Nek arek-arek mlbu kelas tak keteng, nang warnet yo tak keteng sam pek-sampek ape nang WC ae yo tak keteng. Iku sangkeng wedine aku ketinggalan kuliah. Sak wise iku aku tenguk-tenguk nang loby ijenan. Nglamon lan mbayangno seng jenenge Yazed mlaku bareng ambek arek wedok. Rambute dowo lurus, iku mlaku ngadohi aku, tak sopo jenenge, tapi seng noleh seng wedok. Pas noleh, ndilalah seng tak delok iku Yazid nggandeng nang Halim (arek lanang seng rambute dowo lurus koyok banyu grojokan pet masjid iku.) sak marine iku aku langsung kuduk mutah, tapi yoopo maneng, aku gaisok mutah, wong during sarapan ae. Wes lah gak nglamon maneng, engkok ujung-ujunge aku khawater ngeser Halim pisan.

Aku nang loby kiro-kiro ngenteni sak jam punjul akeh lah, kiro-kiro punjul rong ons nek jare wong nang pasar maleng kunu. Aku gak lapo-lapo nang loby, mung tenguk-tenguk tok. Moco buku yo gaisok, wong bukune nang kampus iku inggrisan kabeh, terus tak siasati ae lah, aku ngenteni tok wes, dulinan leptop. Nang kunu onok film serem, tak delok ae film sereme. Judule GTO (Great Teacher Onizuka) iku film e serem banget rek. Wong nang kunu critane guru umur 22 tahun lagi jomblo. Seng serem lak jomblone iku… suweeee aku ndelok film e. terus Hasan teko ambek Penceng. Dua sejoli, kembar tapi beda. Kembar mergane podo brintik e, sejene seng Hasan rambute seng brintik, Penceng untune seng brentek. Arek 2 iku maeng marani aku. Sreeeeeetttt…… moro. Lunggu, delok-delokan, mata kami bertemu, maringunu culek-culekan. Seng menang Hasan, mergane seng nyulek rambute. Wes mari terus seng Hasan ngejak nang kantin. Tapi si Rendi ngejak ngopi. Diluk engkas Yazed teko. Wes pas, empat sekawan kumpul. Seng Penceng ngejak ngopi maneng. “ayo ngopi rek?” seng Hasan nyaot “emoh,,, banyak orang jahat nang warung kopi.” Ambek wajah seng rodok ngguyu-ngguyu titik arek iku ngomong ngunu. Terus si Penceng ngejak maneng. “gak nang warung kopi nyeeeeettttt…………” “lha terus nang ndi?” sauté Hasan. “nang coffe toffee kunu lho……” jawabe rendi ambek wajah serius ambek mekso macak ngganteng titik. “budal wees………..”saute Hasan. Aku yo meneng ae ndelok arek-arek ngomong ngunu. Terus seng Yazed ngomong. “aku gak arep kopi ae reeeekkk….” “yo pesen liyane lah…. Wong akeh…” sauté Hasan… “eowes lah budal,,, tapi aku oleh takon? Nang kunu oleh gak peseng beras kencur?” “asuuuuuuuuu………….. koen nyeeeeetttttt…….. yo gak onok lah…” sauté Hasan. Kabeh ngguyu ngakak.. sak marine iku aku ngejak budal. “ay owes budal…” terus arek-arek yo budal. Kabeh berangkat nang ngarep, aku ijen mlaku nang mburi. “nang ndi koen wer??” takone Penceng. “nang parkiran…” jawabku. “jare nang Coffe Toffe??? Melok ta gak?” takone penceng. “gak wes suwon, aku eleng omongane Hasan maeng, nek nang warung kopi iku akeh wong jahat, engkok nek aku diapak-apakno yoopo??? Aku kan anak baik-baik…” jawabku ambek ngguyu. Terus aku mlaku nang mburi. Eeehhh…. Ndilalah, kabeh nyusul aku nang mburi. “lapo reek??? Ndang budal kono lo,…” takonku. “gak sido wes, nang mburi ae kumpul bareng-bareng, bare-an engkok nek aku, Hasan ambek Penceng tok ujung-ujunge aku seng digarap arek loro iku..” Jawabe Yazed. Sak marine ngunu, aku budal nang parkiran mburi. Wes koyok biasae, aku pesen es rasa-rasa siji. Sakjane aku pengen diwadai sarung esku, eh malah  seng dodol gak terimo. Eowes lah, maringunu, aku longgo nang parkiran. Arek-arek nyusul aku kabeh, lunggu jejer bareng, ndelok aku ngombe es ijenan gak mentolo. Tak kekno esku nang Hasan. Terus dijoin, sampek tekan Penceng esku entek. Iki paleng pengaruh gigi keritinge seng nyedot esku. Wes lah gpp. Wong amek es tok ae. Wes mari…. Ngomong wakeeeh nang kunu. Seng mulai cerito sekolah, kuliah sampek nabi-nabi. Terus aku ndelok jam setengah sewelas. Wayae mlbu. Terus aku ngejak buyar, ape buyar, Lalu teko ape melu kumpul. Tak tinggal buyar, arek-arek melok buyar. Buyar kabeh wes,,, terus lau amek meneng, ndelok, tola-tole. Ambek meso-meso dewe. Wes buyaaaarrr….

Rendi Collection Kampus


Hey rek…. Dino iki pas jam setengah songo, aku teko nang kampus. Aku mlaku nang njero loby. Terus aku ketemu Rendi si Penceng lagi leyeh-leyeh tenguk-tenguk gak kanggo nang ndukur korsi dowo. Embo delokane lagi galau arek iku. Tak entep diluk, tak parani, tak cedeki,,, terus tak kaplok…. Plak…. Aku takon sak marine ngaplok Rendi “koen njupuk sepatuku ya?” seng Rendi tola-tole gak tayo. Mikir paleng. “gak ero nyeeeeetttt…… barean lo, saiki kan awakmu sek nggawe sepatu… iku??” Rendi njawab ambek ndodeng sekelku. “oo……. Iyo lali, sepurane yo, sepatuku sek woto..” jawabku gak ero duso. “o… iyo se, aku maeng ngipi sepatuku ilang mbok jupuk.” Maturku nang Rendi. Sak marine iku, aku longgo jejer karo Rendi. Koyok biasae, aku ngenteni adek kelasku seng jenenge Yulika. Areke pesek, imut, unyu koyok nutria jell seng d idol nang pasar kembang Banyu Urip iku. Tapi seje rek, nutria jell iki isok ambekan. Diluk engkas, si Yulika teko moro nang aku.

Kaet biyen si rendi ambek Yulika iku gak tau akur. Ibarate ngunu Rendi iku kecoak, Yulika baygone. Gak tau akur wong loro iku emboh kenek opo. Terus morongunu Yulika longgo jejer aku, pinggire onok Rendi. Tak deloooook ae wajae si Rendi wes siap koyok kate nyapluk sego tumpeng. Tak takoni Rendi “praenmu wes elek, macak elek. Lapo koen iku??” areke gak njawab. Malah nyelok Yulika “”halo sayanggg…..” seng Yulika ngguyu ae gak jelas. Morongunu aku nyaot nang Rendi. “nyelok opo koen maeng ceng???” terus si Rendi meneng ae ambek ngguya-ngguyu. Sak marine iku si Rendi takon nang aku “gak mangan a wer?” seng nyauti duduk aku. Malah Yulika nyaot “heee??? Mangan?? Mosholla buat loe,,, eh kliru, mushola buat gue aja, elo parkirannya ae.” Aku kekel ngerungokno omongane Yulika maeng. Sak marine iku si Rendi sek terus nggudoi aku ae, emboh, delokane arek iku ngesir aku. Tapi sepurane, semunggoko aku homo ngunu sek pilih-pilih, gak ngara milih Rendi. Aku mblajari Yulika nang kunu maeng. Moco buku bahasa inggris meennn…. Guaya rek aku. Hahahaha… terus si Rendi nggudoi ae, wong yo wes ngerti aku ambek Yulika sek sinau malah digudoi. Tapi masalae saiki. Yoopo carane metu teko jeratan gudoan setan cobleng Rendi iki. Terus mikiiiiirrr aku… mikiiiir jeruh sak jerune peceren pinggir sumurku seng tak ingoni uget-uget nang kunu iku,. Teruuuussss mikir sampek ketemu jalan keluar… lha,,, aku kan eleng nek Rendi iku duwe fans. Tak sms I ae fans-fans e rendi. Sak elengku nang kampus Rendi iku wong terkenal. Wong Rendi cakep ae,,,, penggemare Rendi cakep nang kunu menamai dirinya sebagai Rendi Collection. Aku gak ero lapoo kok jenenge ngunu kui. Tak sms fans e Rendi. Mulai halim, Mail, Sukri lan wong seng paleng ngganteng koyok Bret Pitt, yoiku Yazed. Tak sms kabeh nek Rendi nang loby. Dilu engkas arek-arek iku teko nang Rendi. Tak jareku arek-arek njalok tanda tangan nang Rendi, tapi malah arek-arek nagihi utang nang Rendi. Sak durunge ricuh, tak tinggal ae mumpung during. Aku ngejak Yulika ngale teko nggon kunu. Yulika tak jak nang lantai 2.

Sak marinr iku, aku tolek nggon kanggo belajar bareng ambek Yulika. Sak jane se seneng aku belajar bareng. Tapi seng gak tak senengi iku Yulika mesti males moco bukune. Aku mbujuk sampek tak turuti karepe cek gelem moco, eh malah aku seng dikongkon moco. Eowes lah, seng penting areke ngerti. Aku yo gak ngara getun, mergane teko moco iku aku yo pale duwe pengalaman akeh. Suwon yo,,,, hahaha…. Sak maringono,jam setengah sewelas Yulika mlbu nang kelas. Wes lah. Tak takoni areke, “pean wes mangan ta? Nek dereng ndang mangan. Engkok nek gak mangan mati. Eman sampeyan. hehehe” areke malah ngguyu kekel. Yowes lah jarno. Paleng-paleng nek luwe pasti mangan-mangan dewe. Wes mari cukup belajar bareng. Areke pamitan mlbu kelas. “aku mlbu mas ya. Daaaaa….” Oke… sak marine iku aku mbalek nang lobi. Marani Rendi seng ditarap ambek Rendi Collection maeng. Hahah,,,, embo, woto ta opo gerowak kupinge arek iku… 

RAmbut Labirin

He rek.... ketemu maneng,, iki maeng aku jek tas metu teko dolen. eleng-eleng kejadiang maeng isuk pas nang nggone kampus. koyok biasae yo ngunu iku lah... intine yo pancet ae aku, Hasan, Yazed, ambek Rendi. saiki critane nang Hasan ambek Yazed lagi perang rambut.

pas wayae mari teko masjid jamaah sholat dzhur, aku ambek arek-arek kumpul nang parkiran kampus. lapo nang kunu?? nyolong helm??/ gak rek. aku ambek arek-arek amek dulinan, gojlok-gojlokan bareng, seng digawe bahan saiki wong loro. yoiku si kembar siam rambute tok. yazed karo Hasan. aku dewe yo gak ero emboh arek loro iku mesti tukaran perkoro rambut ae. mboh diilokno koyok usuan lah, labirin lah sampek kadal porek. (rupane kadal porek iku yoopo yo????) wes embo lah ngunu iku. iki critane dimulai rek. wong papat, eh wong limo ketambahan ambek fotografer kita Habib si botak bersinar koyok botakku iki melu kumpul pisan. pertamae ngene. Yazed iku mesti ngomong rambut. terus Hasan nyaot nahng Yazed "pisaaaan ae gak ngomong rambot gak isok ta??" seng Yazed mgguyu, jawabe enak "gak gurih nek gak ngomongno rambutmu. mergane wes terkenal ngalah-ngalahi Fatin X-Factor ae." kabeh ngguyu. terus onok Yuan melu pisan ngumpul nang awak dewe. areke melu kumpul. emboh ndelok praene arek iku delokane galau. paleng-paleng kelangan keto-an kukun maneng. ujung-ujunge yo pasti ketemu mergane digawe tawuran ambek semut nglawan lamuk. wes maringunu Yuan moro nang aku melu-melu kumpul. ngomong akeh,,,,,,,,,, totok pas wayae Hasan ngetokno hape super canggih ciiiiin.... hapene layar dulek, mburine onok gambar kesemek growak. (mergane warnane poteh, nek abang pasti tak wara apel growak.) wiiiihhhhhh//....keren men... morongunu dicekel Habib, gawe moto wong akeh kumpul-kumpul. tapi gak nok kejadian seng nyenengno nang dino iki, embo arek-arek kok dungaren gak ilok-ilokan... seng ilok-ilokan amek Yazed ambek Hasan. seng tak takokno kaet biyen nang njerone atiku iki, seng bener onok hubungan opo se Yazed ambek Hasan iku??? kok mesti keroso nek jarake cedek, koyok-koyok rambute mengandung magnit positif ambek negative. mesti nek cedek rambute ngadek dewe, iku rambut ta radar se seng bener?? wes lah. seng penting baiku arek loro iku koncoku karo. meskipun Yazed ambek Hasan kembar (catatan rambutnya ajah yang kembar), unyu, imut, dukur, putih onok punuke pisan (emang sapi perah?) wong loro iku yo koncoku karo. gak tau tukaran, tapi adu rambut. nek wayae tukaran mesti rambute bergesek kesana kemari membentuk sebuah labirin seng nggarakno tumo kesasar dadi imigrant legal nang kunu. seng tak sakno iki tumoe, tapi yoopo maneng salae gelem orep nang kunu. yowes lah, morongunu Penceng teko..... buyar kabeh, mole kabeh. (Penceng dadi biyang kerok tok ancene.) yowes lah,,, baaaiiiiii.....

Jumat, 29 Maret 2013

Keisuken


Ah….. isuk ini serngengene rodok sayu rek… embo mendung kenek opo. Iki aku wes nang kampus, koyok biasae aku gak ero jadwalku mlbu jam piro nang kelasku. Aku budal ae jam setengah wolu. Ndilalah nang kunu aku ketemu ambek koncoku seng jenenge Cahyadi. Aku takon nang Cahyadi “Ce, mlbu jam piro engkok?” aku takon koyok kebo keentekán suket nang kandang ngunu iku. Terus si Cahyadi njawab “jam 11 engkok, koen lapo budal yamene???” “aku dewe yo gak ero ce.,, malaikan endi seng nggugah aku isuk-isuk, embo maneng nek aku wes tobat kenek siram emak maeng paleng.” Cahyadi malah ngguyu nyengir koyok jaran ketulup arek perang jagung. Wes sak marine aku takon nang Cahyadi, aku bingung kate lapo nang kampus jam yamono.

 Ape ngamen yo gak pantese, ape luru beling yo gak nok rombengan nang kunu. Dadine aku mutusno kanggo moco. Wiiihhhh,,,, moco men aku,,,, biasa, arek pinter…. Hahaha,,,, wes lah,,, lanjot… aku moco opo ae seng tak eruhi nang kunu, mulai moco buku, Koran, KTP sampek iklan sedot WC. Seng penting moco rek,. Arang-arang dadi wong rajin aku rek. Sakwise iku, aku mblenger moco, duh emboh, aku pas moco buku kok rasane ngantuk banget yo.. terus maringunu iku aku ngadek, dolen ra nok tujuan. Pengenku se nang kantin. Beé onok arek-arek nang kunu. Aku sms Yazed. Isine sms e ngene. “Posisi???” terus diluk engkas areke mbales nang hapeku. Jawabane singkat, padat, lan jelas. “njengking” aku mbecung ndelok balesane Yazed. Tak sms maneng “koen nang ndi lek saiki???” terus diluk engkas dibales “sedang bercinta ama dosen nang kelas.” Duh, emboh arek iku mesti kumat. Terus aku tolek konco maneng. Tak sms koncoku seng Hasan. “posisi??” sms ku nang Hasan. Terus hapeku kok suwiiiiii gak muni-muni, kemungkinan hapeku gak muni sampek 3 jam dijupuk 2 jam 59 menit. Suwe banget kan?? Kesuwen ngenteni balesane teko Hasan. Aku sms Rendi Pencheng. Aku njupuk hape nang kesakku. Aku ape metek hape malah areke seng ngebel disek. Tak tampani tilpune areke dengan nada agak menyesal aku ngomong. “halo,,, wasalam. Suwon lo….” “nang ndi koen nyeeeeettt???” iku balesane Rendi. Aku njawab nek aku nang lobi. Terus tak pateni hapene. 

Aku isin nek ditelpon wong lanang. Mergane aku duduk homo yo…. Terus sak marine iku, onok sms nang hapeku. Kepinginku se iku sms teko cewek, tapi nyatane iku sms teko operator nek aku ole bonus pulsa 100 rupiah. Lumayan rek, kenek gawe kerikan duwek 100 iku. Terus hapeku muni maneng. Rasane nang baten “dungaren hapeku munian iki??? Luwaris ae… hehehe” ndilalah tak bukak onok sms teko Hasan. Isine ngene. “aku masih melata ditempat tidur saying…” mboooookkkk….. rasane atiku d isms koyok ngunu. Aku terpukau sampai muntah. Gak tak bales isms e, isin seng iyo,, terus nang kunu aku amek ambek Penceng tok. Wes lah, babhno aku ambek penceng nang kunu dulinan. Tapi dulinan opo?? Teru si penceng tak takoni. “awakmu nggowo lepi gak ceng???” “nggowo… opoo??” jawabe Penceng. “ndelok film Naruto ae yo??? Koen lak duwe ce??” aku mbalses takon ngunu. Areke meker diluk terus ngomong “iyo gpp, tapi mbayar hayo….” Wajae Penceng seng apik ketambahan brengose seng mirip bintang film paling ngganteng, Tukul Arwana iku nggarakno wetengku kaku. Iki gak kontraksi weteng rek, melainkan ngempet ngguyu. Terus tak jawab “yoopo nek tak bayar ambek rasa cintae Mail, gelem gak??” terus deé njawab enak… “emang gue cowok apaan???” aku mek meneng ambek ngomong rodok pelan titik nang areke.. “awakmu lak cowok gak dadi se….” sak marine aku ngomong ngunu, ekspresine Penceng dadi ngganteng. Emboh kenek opo. Wes mari, mbukak leptop wes. Ape di setel film e. ndilalah Yazed metu teko kelas marani aku ambek Penceng. “lapo koen rek?? Bercinta ya??” aku meneng. Penceng nguyu tok. Terus tak jawab nang Yazed. “ayo nang kantin tek…” aku ngadek ninggal Penceng. Penceng bengong. “nangndi des???” iku takone. “nang kantin, mangan, melok a? nek melok nyusul ae. Ringkesono lepimu sek.” Jawabku, teus aku mlaku ambek Yazed nang kantin. Penceng ngringkesi lepi terus nang kantin pisan.

Obat Penenang


Dino iki podo karo biasae. Iyo, koyok biasae, aku nang kantin kampus karo arek-arek koncoku kabeh. Gojlok-gojlokan bareng, mangan bareng, dulang-dulangan bareng, sampek njegor kobokan bareng. Hehe… guyon kok. Saiki iku rodok seneng aku rek. Mergane aku isok nggawe dulinan Rendi cakep iku lo. Seng si gigi tajam. Ceritane ngene. Iki aku, Hasan, Yazed, ambek rendi koyok biasae kumpul bareng nang kantin kampus. Kabeh pesen mangan tapi Rendi tok seng gak pesen. Tak takoni “koen gak mangan ta ceng?” “aku sek wareg rek.” Iku jawabane. Terus disauti ambek Yazed “koen mangan gak mangan podo ae ceng, gak isok tambah ngganteng.” Ngakak kabeh Yazed mari ngomong ngunu. Wajae Rendi melok nesu, tapi yo melok ngguyu pisan, embo atine nanges paleng. Wes mari, wayae mbayar, aku, Hasan wes mari mbayar kaet maeng. Kari si Rendi atau Penceng seng dorong mbayar. “ayo mbayar rek” rendi ngejak mbayar nang kantin. “aku ambek Hasan wes mari mbayar ceng. Kita kan anak baik-baik.” Sautku ngunu. Terus si Rendi langsung nang ibuk njogo kantin mbayar ngombene maeng.

Sak marine ngunu, aku ndelok menisor, aku nemu obat seng tulisane CTM. Terus aku kok duwe niat jahat yo,,,,, emboh kok dungaren. Pertamae se iseng. Aku njegorno obat CTM iku maeng nang gelase si Rendi. Wong tak delok gelase wes kosong. Tak udek obate iku. Terus aku ngomong ngene nang Hasan “san, iki engkok diombe Penceng gak??” “yo gak ero, nek ndelok praene se pasti diombe…” morongunu, aku ngudek nang njerone gelas iku maeng. Diluk engkas si rendi teko, ndilalah kersane alah areke langsung njujuk nang nggon ngarepku, njupuk gelase, diombe banyu maeng. Aku ambek Hasan ngguyu cekikikan dewe. Tak delok raine si rendi rodok nggobloki yoopo ngunu. Terus diluk engkas si Rendi ngeroso aneh. “onok opo rek??” aku ambek hasan ngguyu kekel. Terus diluk engkas raine si Rendi ketok mbecung. Ngroso onok seng aneh nang banyu ngombene areke maeng. “he rek,,, ngombeku kok pait se??? koen keí opo rek???” takone Rendi. “takokno Udin kunu lo,,, maeng dikeí opo ngombemu” jawabe Hasan. Terus sak marine iku Rendi langsung ndelok aku. Raine seng nggarakno aku ngguyu ndelok aku terus. Areke ngguyu-ngguyu gak jelas ambek takon nang aku. “hayo…… koen keí opo ngombeku wer???” takone Rendi. Aku mek iso ngguyu gak njawab. Sak marine aku ngguyu iku areke ndlok bungkus cedeke ngombene areke. Ketok bungkus obat. Dijupuk, di pendeliki, diambu, bahkan didilat ambek Rendi. “iki opo iki wer???” takone Rendi. “lha wocoen dewe lo,,, wong aku nemu pas awakmu ngadek maeng” jawabku. Terus bungkus maeng diwoco ambek Rendi. Ketok tulisan guwede sak geden-geden tulisan CTM. “mangkakno pahiiiittt….. sempel koen wer…” Rendi ngamok ambek ngguyu. Aku ambek Hasan amek ngguyu kekel gak ketulungan. “nemen koen rek…..” sauté Rendi. Aku meneng, nahan ngguyu, terus njawab lan njalok sepuro nang Rendi. Aku cerito sak durunge “sakjane se aku gak niat ngeracuni awakmu ambek CTM, bareán yo gak ngara mempan. Asline se aku maeng amek dulinan, eh ndilalah awakmu seng nggragas, yoiku wes resikomu. Aku gak salah yo,,….. seng salah yo awakmu dewe., tapi sakdurunge yo aku njalok sepuro lah, ,mergane yo kedaden koen keracunan CTM yo gara-gara gels iku maeng, bareán ae, lapo gelas iku nang kunu, yo gak salah tangan jailku lah. Wes pokoke sepurane yo…..” ceritoku ngunu. “koen gendeng ancene….” Sauté Rendi. Sak marine iku, Yazed teko nang awak dewe. “wiiiihhhhh si rambut labirin teko” omongane Rendi. “ayo mlebu rek…..” sauté Hasan. Terus arek-arek ngadek, mlaku lan mbalek nang kelas. “nangndi rek???” takone Yazed. “mlbu tek,,, wayae kuliah….” Sauté Hasan… “matane asu koen rek,,,, diparani buyar dewe-dewe” sauté Yazed ambek ngguyu, terus maringunu Yazed melok mbalek pisan nang kelas. Wes buyar dewe-dewe.

Pengalaman Kerjo


He rek…., wes koyok biasae, aku nek jam kosong ,mesti nang kantin kampusku. Ritualku yo koyok biasae gojlok-gojlokan wong akeh. Tapi iki bedo banget rek,,, temen lo bedo,,,, sumpah ciker totok bumi bedo. Iyo temenan, dino iki aku gojlok-gojlokan masalah masa depan. Wes biasae pemain seng nglakoni gojlok-gojlokan pancet ae. Aku, Yazed, Hasan, ambek bintang kelas kita Rendi cakep. Iku jare areke dewe. Lha nang kene critane dimulai
Pertama, aku crito, tapi gak sambat lo. Iki tentang kerjoanku seng gak jelas embo kerjo opo. Aku kepingin kerjo koyok koncoku kabeh. Konco-koncoku kabeh wes kerjo, onok seng dadi pembawa acara, dodolan, sampek seng luru beling. Wakeh wis kerjoane. Iki aku crito nang Hasan. Areke duwe pengalaman nglamar kerjo nang Jawa Pos Koran seng terkenal iku lho… iku jare emakku. Aku ngomong ngene “san, jare awakmu biyen nglamar nang Jawa Pos. piye iku critane?” Hasan langsung nyantol njingkat, jungkir walik dll wes…. Kaget paleng aku ngmong ngunu. Areke ndeloki aku…. Mata kami bertemu dan saling sms satu sama lain. Wes emboh,,, ngunu iku wes. Terus jawabane Hasan ngene “iyo, aku biyen tau nglamar sampek dipanggil nang form Deteksi.” “Iku nang Jawa Pos ta?” takonku maneng. “nggak, dipanggil seng maha kuasa. Yoh Jawa Pos lah.” Iku jawabe Hasan. “terus critane yoopo lek?” takonku maneng. “ngenehhhhh…… ” Hasan njawab ambek macak melas. “pertamane, aku diwarah koncoku poine amek siji, yoiku dadio awakmu dewe, tapi seng rapi yo,,..” “ngunu ta??? Critani rek kancane iki…” aku takon ambek menggos-menggos mergane mangan sego dipasangi sambel ambek si Rendi cakep. Sempel ancene arek iku. Mboh wes, aku focus nang Hasan crito. Iki Hasan crito nang aku. Critane ngene “aku kan jare koncoku nggawe klambi seng rajin,,,, yo tak lakoni, aku tolek klambi selangan seng rajin, nek isok poteh, wes nemu. Ndilalah pas panggilan aku bedo dewe. Kabeh seng dipanggil macak enom, ngganteng-ngganteng pisan, nggawe kaos, celono lepis pisan dan lain-lain wes. Aku kaget cak, wong aku macak tuo dewe, aku ngroso luwe towo 10 taun ambek arek-arek seng dipanggil iku. Bah wes gak ngurus. Seng penting aku wes dipanggil. La pas wayae iku, tes tulis, so’ale aneh-aneh lekkkk….. mosok so’ale ngene. Kenapa telettubies pulangnya masuk lubang? Aku bingung njawab so’al iku. Terus aku eleng ambek omongane koncoku maeng. Jarene dadio diri sendiri, 60% koen mlbu ketrimo nang kunu engkok. Tak jawab so’al maeng gawe jawabanku seng apik banget. Jawabanku ngene “karena teletubbies lebih suka ama lubang, lok teletubbies suka ama empang, pasti pulangnya nggak nyebur ke lubang, tapi ke empang.” Wes gak ngurus. Pokoke jawabanku ngunu. Terus onok maneng so’al seng anek kanggo aku. Ngene so’ale “Apa kepanjangan dari DETEKSI???” aku bengung puyeng kenek so’al ngunu. Mentolo bunuh diri nggantung ambek taali sepatu ae. Tapi aku takut dosa, dadine gak sido bunuh diri. Terus aku njawab podo karo maeng, menurut hati nurani iki jawabanku “hehe…. Aku gak tau.. hehehe :D” wes ngunu. Mari, terus tes wawancara. Aku ngenteni suweeeeee ngunu. Nek take tong-etong wong siji kramane setengah jam ditakoni. Emboh ditakoni opo ae nang kunu. Opo ditakoni duwe pacar mboh opo. Terus pas wayahku ndilalah mek sediluk, mosok waktune mek telung menit wes mari. Gak gendeng ta? Atek seng nakoni uayu pisan, aku ngejer njawabe. Sak marine iku wonge amek ngomong ngene “ya mas, nunggu panggilan lagi ya. Lok diterima disini pasti dipanggil.” Kesalahanku kok cek gobloke, lapo aku kok gak njalok nomer tilpune mbak maeng. Wayou ae,,, eman cak.” Iku critane Hasan. “terus piye???” takonku. “yo gak piye-piye diiiiinnnn….. sampek saiki gak dipanggil-panggil ngene.” Jawabe Hasan. “loalah emane…..” jawabku. Sak marine crito iku aku ndelok jam. Wayae mlbu kelas rek. Yowes lah, mene ditotokno maneng ya…. Jok lali mangane mbayaro….. sak marine iku Rendi cakep nggowo sego moro nang aku. “kate nang ndi???” takone Rendi si gigi tajam. “Mlebu lek…. Mosok nang hatimu…. “ “lha aku engkok???” jawab Rendi. “yo mangano kono. Cek gak mati…” jawabe Hasan nang Rendi. Wes mari aku ambek Hasan ninggal Rendi. Tapi gak ninggal temenan kok, aku ambek Hasan mek singitan. Sakno yoan Rendi iku masi nggilani yo koncoku pisan. Orep pisan… wes mari mlbu kelas focus nang plajaran. Ndilalah aku keturon.

Kamis, 28 Maret 2013

Guneman nang Kantin


Geguyonan Biasa

Dino iki aku seneng mergane dino iki aku kumpul ambek konco-koncoku nang kantin kampus. Sakjane se aku gak seneng mergane aku ditinggal arek-arek budal disek. Yowes lah paleng-paleng wetenge arek-arek podo keluruk bengok-bengok njalok dirabekno ambek sego kantin. Aku nang perpus disek gawe ngurus kartu sakti. Aku dewe yo gak ero gunane kartu sakti iku gawe opo. Aku takon nang seng nungguk perpus. “pak, gunane kartu sakti iku opo se?” jawabane enak “eo awakmu cek duwe kartu sakti, engkok kartune masih kekelindes trek tronton ae gak opo-opo, gak ngara mati. Nek awakmu lak pasti mati nek kekelindes.” Aku mikir nang ati, iki seng goblok sopo. Eowes lah, sak karepe wonge, pokoke aku wes ngurus iki. Terus sak marine, aku ape nututi arek-arek nang kantin. Nang kono wes onok konco-koncoku seng ngganteng-ngganteng jare pak dekan seng tak tuding nggawe bedil iku wes ngenteni aku suwe. Iku jare arek-arek nek aku kesuwen, eowes lah gak geton rek. Nang kunu onok macem-macem koncoku. Mulai Rendi si gigi tajam atau nama kerene Penceng, Hasan ambek Yazid si kembar siam rambute tok. Wes iku tok. Aku takon nang arek-arek “segoku nang ndi rek?” hasan njawab “peseno dewe.” Yowes lah, aku budal pesen. Sak wise pesen, aku mangan sak enakku. Onok ngombe, sego, kopi, lan CTM. Embo gawe opo CTM digowo penceng. Sak marine mangan, wes koyok ritual biasane, gojlok-gojlokan wong akeh. Seng Hasan mesti ngomong ngene “he brentek, nyobak sak menit ae gak usah ngomong rambut gak isok ta??” kabeh ngguyu. Seng Yazed ngomong “takdirmu iku ancene diolok-olok, nek diapik-apikno malah engkok fitnah, aku seng duso.” Moro seng Penceng nyaot “podo brintike rame ae, tak rabekno lho.” Moro seng Hasan nyaot “ojok, engkok Mail cemburu.” Ngakak kabeh, mergane Mail iku koncone kene lanang lugu temenan. Istilae iku anak baik-baik. Iku jare pak dekan seng maeng. Mari gojlok-gojlokan pegel wes, bengong kate lapo. Seng Penceng ngejak Hasan nang mol. Aku takon kate lapo nang mol, jawabe Penceng enak “ape tolek SPG gawe Hasan cek gak galau ae.” Kabeh ngguyu, tak wara pisan “nang jok e Chiko onok glangsing. Gowoen, beé ole akeh, aku njalok pisan. ” “beres” jare Penceng.
Sak marine jam ndudokno jam setengah sewelas. Wayae mlbu kelas. Mergane onok kuliah wayae metode penelitian sastra. Embo pelajaran opo maneng iku. Nek kenek dipangan, aku semangat, lha iki, emboh, tak tinggal turu iku engkok aku diilokno dewa tidur, tak tinggal nekeran yo gak duwe neker. Eowes lah dilakoni ae melok plajaran iku maeng. Kondisi nang jero kelas koplak. Koncoku aneh-aneh. Onok seng kuplukán ambek onok seng gak nok kupinge, malah gak duwe rambut pisan. Iku emboh kenek opo kok sampek gak nok kupinge, tapi sirahe anek-aneh. Akeh warnane, abang ijo, dll lah pokoke.
Nang kelas aku meneng ae, kabeh ngomong boso inggris, aku malah ngomong boso rambut ambek Hasan. Maklum, kami sejoli tahan air, pilek seng iyo. Dosen nang ngarep njelasno opo iku aku gak ero. Angel tenan ae, wong boso inggris kabeh. Karuan boso Indonesia aku sek rodok ngerti titik, gak ngertine seng akeh, paleng nek di itung prosentase ngunu aku 99% gak ngerti, ngertine mek !%. iku ae mekso takon nang koncoku. Sak wise iku mole wes. Aku nang masjid ambek arek-arek. Sembayang jamaáh. Maklum lah, anak baik-baik jare pak dekan maeng. Pas sak marine sembayang. Koyok biasae wes, ritual gojlok menggojlok dilakoni. Saiki areke tambah akeh, ketambahan Halim si permaisurine Yazed. Nek teko mburi, mbooookkk,,,,,, ketok rambute ngombak peceren. Opo maneng teko ngarep,,… wiiiiiiihhhhhhhh,,,, ketok jenggote kasar koyok tebing. Ojo ngeres sek. Halim iku lanang seng nyrupai wedok nek teko mburi. Mangkakno Yazed kesengsem ambek Halim, meskipun iku kepeksan keadaan jomblo seng gak aturan iki. Pas kumpul, aku dijaluki tolong ambek Halim maeng. Dijaluki kongkon nggenakno hape layar sentuh meeeen…. Wiiiihhhhhh,,,, layare iso dijempok, terus mlaku dewe ae,… asiik men. Hapene dikekno nang aku. “suwon lho.” Jawabku. “genakno cong, ojo dipek” jawabe Halim. “iki kenek opo? Kenek racun ta?” aku takon ngunu. Halim malah njawab “kenek beling wingi, jahitno., beé parah. Gak ndol…. Iki lo genakno yoopo carane ngganti iki aplikasi diganti nang memori njobo.” Berhubung pengalamanku seng luar biasa nyekel hape canggiih, tak tulungi areke, “aku pengalaman nyekel hape canggih ngene iki wes suwe…. Sampeg gak kenek diitung ambek tangan suwene. Sekitaran telung wulanan. Tapi, njalok genakno hasan ae seng luwe pengalaman timbang aku. Deé duwe pengalaman telung wulan punjul rong jam nyekel hape canggih.” Omonganku nang Halim. Halim ndlok Hasan, matane berbinar nunjukno nek Halim jatuh cinta nang Hasan. Tapi hasan berbalik arah ndelok Yazid ambek ngomong “maaf yank, aku selingkuh diluk ya???” mboh…. Kumat kabeh. Sakwise iku, telung menit… petang menit,,,, sejam,,,sedino,,, setahun,,, dll.. “aku gak isok lem” jawabe Hasan. Halim sedih, ada air menetes dari hidungnya. Ndilalah Halim pilek, umbele metu titik. Yowes lah. “aku duwe cara pas kanggo awakmu lem. Uninstall ae, engkok donlod maneng.” “iyo ta??” aku mantuk. Terus diuninstall deh aplikasine. Maringunu areke bingung download. “terus yoopo iki?” “yo download lem maneng aplikasine…. Nang apotek kono lo.” “owh…. Yowes lah, aku tak budal.” Heh???? Wes mari buyar kabeh, mole kabeh.