Pas jam 11 an aku
kate mlbu nang kelas rek. Iki wayae pelajaran Translation Spoken. Nek di boso jowone
iki artine penterjemah ambek ngomong. Nek prasaku rek iki pelajaran seng aneh. Wong
y owes onok buku terjemahan sampek google translate, tapi sek onok ae pelajaran
koyok ngene iki. Emboh gunane opo pelajaran iki. Eowes lah lanjut. Sek pas kate
mlbu, aku tenguk-tenguk nang loni kampus koyok biasae. La iku aku kepetukán
ambek seng jenenge Hasan ambek Randi lagi peluk-pelukan, terus mlbu nang jedeng
bareng. Aku ngiler rek, bukane ngiler kepingin, tapi kudu mutah ndelok arek
loro iku. Sakwise iku arek loro maeng tak celok, malah aku gak direken abek
arek karo iku maeng. Wes lah sak karepe. Aku ijenan maneng. Tak delok arek loro
maeng munggah tak takoni kate nang endi terus njawab mlbu kelas. Aku sakjane
gak percoyo nek kate mlbu kelas, tapi sak jek mari ndelok praene Rendi seng
kudu ngeseng iku aku pale percoyo. Terus maringunu aku nututi mlbu kelas.
Nang kelas koyok
biasae rek. Aku lungguh pinggire Nuna. Terus si Rendi ambek Hasan pisah. Tak delok
wajae Rendi sedih koyok mari ndelok kadal porek lagi neseng iku membuat rambut
si hasan nangis. Wes lah bahno karepe arek-arek. Diluk engkas pak dosene teko. Wonge
njelasno tentang cara nggawe note utowo symbol nek kate nerjemahno boso inggris
nang boso Indonesia. Aku tola-tole iki karepe yoopo se? wes emboh,,, terus bla…bla…bla…
dosene mari njelasno. Aku tambah bingung. Terus sak marine iku dosene njupuk
hape terus disumet. Ehhh,,,, di setel music. Tak jareku dosene ape ngejak
nggawe harlem shake, tapi iki malah nyetel cerito asal muasal gunung bromo. Diluk
engkas disetel musike…. Ttttiiiiiiiiiitttt….. duaaarrr,,,,,, music dimulai..
Ndilalah dosene
nyetel boso inggris tok kabeh, gak nok boso jowone. Aku bingung, aku ape
nginceng engkok jarene nyonto. Yoweslah aku tola-tole ambek nggambar gak
karu-karuan. Wes lah terus diluk engkas ceritone mari. Kabeh dikongkon ndudokno
hasile rangkuman berupa simbola maeng, terus diwoco. Aku tola-tole, wong seng
tak tulis gak nggenah kabeh. Aku takon nang Rendi “gambarmu yoopo ceng?” eh,…
,malah si Rendi nggambar betmen nang kertase. Aku mbengaok Hasan “gambaranmu
yoopo san?” eh malah Hasan meneng ae, eowes lah. Terus kabeh dikongkon cerito. Arek
siji cerito…. Teruuuussss….. teruuuussss…. Sampek giliranku. Aku tola-tole
maneng, wong gambaranku koyok ngene., yoopo isok diwoco?
Wes lah aku PD ae
tak woco gambaranku. Aku ngomong bla……bla…..bla,,…,, pokoke tak padakno karo
cerito sangkuriang, arek-arek podo ngamok kabeh. Aku meneng gak isok obah
maneng, wes lah aku amek pasrah tok. Mergane wedi ditawur arek sak kelas engkok
aku dadi iwak peyek nang kelas. Sak marine iku aku males wes,. Seng hasan takon
nang aku dengan suara merintih kebelet ngeseng “”maeng seng kokonut maeng iku
diapakno nang cerito? Kok sawangane ditempak, terus berubah dadi opo ngunu
kokonut e.” aku mikir kokonut nek boso inggris, diboso jowono lak kelopo se. yo
tak bales ae jawabku “aku gak ero, pokoke seng tak ero yo artine kokonut iku
kelopo” Hasan cegek, gak nole maneng. Aku bingung, iki emange aku salah ta? Wes
lah bahno. Sak maringunu, diterangno ambek dosene kejadiane. Bla….bla….bla….
terus the end. Lho,,,?? Yoopo se dosen iki, aku during ero malah the end. Yowes
lah bahno. Terus pelajaran mari rek, aku metu nyelok Hasan ape takon ceritane
maeng. “klopone sido diapakno san maeng??” takonku nang Hasan. Hasan njawab
enak ambek ngguyu “nek perasaan maeng kelopone didadekno klepon, terus dipangan
buto, maringunu moncrot dadi lahar nang gunung bromo.” Aku meneng, mikir,,,,
Hasan malah ngguyu kekel. Aku takon maneng nang Hasan “seng temen ceritane
iki??” “aku dewe yo gak ero critane nyeeeeeeeeeetttttttttttt…” jawabe Hasan
maeng. Aku getun rek gak ero critane gunung bromo. Wes lah, seng penting nang crito
dino iki aku isok njupuk hikmah yen pelajaran kupinge ojo dibuntu ambek
masalah, wes iku tok. Sak maringunu aku ambek Hasan nang kantin. Rendi mbengok
njaluk melok.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar