Selasa, 02 April 2013

Wong Gelap


Dino iki aku bingung tugas rek. Mulai teko tugas kuliah, tugas omah sampek tugas pemerintahan ngeberantas kaum alay (lho???). wes lah, sirahku yo cekot-cekot pas isuk-isuk d isms ambek seng jenenge Rendi. Areke takon “sido nang perpuse tonggo kampus ta?” aku bingung. Tak bales ae “takokno hasan ae, arek iku kan kepala suku.” Terus si Rendi bales “aku engkok kerjo, paleng berangkat jam 10 an nang kampus.” Aku males mbales sms e Rendi maeng. Aku mikir kaet maeng, mergane tugase pak Mamat yo dorong tak woco. Wes lah, budal saiki ae nang kampus, ambek moco-moco nang kampus ae. Aku ndelok jam. Wes jam setengah pitu. Yowes lah aku budal.

Sak marine aku totok kampus, aku kepetok Cahyadi nang parkiran. Areke nawani tugase pak mamat maeng, tak jawab ambek aku “sepurane ce, aku ndelok tulisan pale eleng rambute Yazed.” Malah areke ngguyu. Terus diluk engkas Hasan sms aku. Iki sms e serius rek, areke ngejak nang perpuse kampus tonggo. Aku budal, tapi aku gak ero dalane. Terus aku ditelpon. Tak wara aku gak ero dalan. Terus ditakoni ambek areke dalan seng tak ero. Yo tak wara dalan mole nang omah seng taka pal,,, eh…. Malah dipisui aku, emang aku salah ta? Eowes lah, terus tak wara yoopo nek tak enteni nang Ramayana Bunggurasih. “ok” jare Hasan. Sak marine ditelpon Hasan maeng, aku langsung mluncur nggowo Chiko.

Wes diluk engkas, aku totok nggon Ramayana rek… diluk engkas Hasan teko. Aku kaget pertamae. Teko adoan areke nggowo arek wedok,,, eh ternyata areke nggonceng Halim, seng rambute lurus dowo koyok grojokan pet wudlune masjid iku menggetarkan hatinya Hasan paleng. Wes lah, cak-cek langsung budal. Sret….sret….sret… kiro-kiro sak jam wes totok nggon aku.

Totok kono, aku< Hasan ambek Halim bingung. “liwat endi rek?” takonku. Seng Hasan nelpon kancane, seng Halim pisan. Emboh…. Sibuk dewe-dewe, sak marine iku berangkat maneng rek,,, totok fakultas sastra, bahasa dan budaya. Aku ambek arek-arek mlbu nang kunu. Seng Hasan tola-tole bingung. “ndoleki sopo san?” takonku. “koncoku, tapi tak sms gak mbales, gak diakoni paleng aku.” Aku meneng, Halim ngguyu. Terus maringunu, aku ambek arek-arek mlaku mlbu nang kampus iku rek, terus aku ambek Halim gak nyadar nek Hasan moro-moro nggandeng cewek meeeenn…. Temen lo,,, wes ayu, imut, cilik, putih, unyu, lan gurih. Seng Halim kaget. “lho????” aku yo kaget yoan tapi baba wes lah, eh ndilalah seng Halim ngomong. “sopo iku? Mentolo MENTOLO ae,,, hahahaha” aku melok ngguyu. Wes mari, wayae mlbu nang perpus rek. Seng goblok saiki iku aku rek, sumpah. Aku koyok gak duwe duso nang kunu. Aku nylidir ae. Wes sepatu tak gawe, nyeludur gak permisi, tas tak gowok pisan. Seng petugase takon nang aku. “mas….” Aku noleh, “apa pak???” “tasnya ditauh sini mas…” jawab e seng nonggok perpus. Aku macak goblok ae, tak deke tas ku, terus wonge takon. “dari mana mas?” “daari IAIN pak…” goblooooooooooooooookkkkkkkkkk…… nang atiku. Arek-arek macak melas kabeh. Konangan wes nek aku “orang gelap.” Wes lah, urusan titik,,,, beĆ© ae aku kate dihukum. Koyok nang tipi-tipi iku, seng nek konangan terus digantung ambek sewek gak diumbah sak tahun. Duh,,, aku mikir,… eh,,,, ndilalah aku mek dijalok KTM ku tok… sukur lah,,, etru aku bebas moco nang kunu rek,,, betah aku nang kunu, disamping bukune wakeh, akeh cewek nganggur… hahaha,,, wes lanjut. Nang kunu aku sakno Hasan. Ternyata, areke alergi ambek cewek rek,,,, iku maeng pas mari nggandeng cewek, areke langsung mimisen,,, tapi anehe, kok mimise werno koneng yo???? Oooo….. pilek areke. Wes nang kunu wong telu moco-moco rek. Aku moco skripsi, Hakim iyo pisan, Hasan njupuk skripsi ambek Koran Jawa Pos. “gawe opo san?” takonku. Eh,,, malah areke meneng nutupi gete koneng nang irunge maeng. Yowes lah,,,, sak marine aku ambek arek-arek moco, aku mole rek. Nang kunu aku nang parkiran, njupuk sepeda, terus mole ambek arek-arek. Pas wayae mole, ndilalah aku ambek arek-arek kesasar maneng,. Wes lah ancene deritae Jomblo mesti kesasar. Terus aku teko kampus jam 12 an. Aku ijenan nang kampus. Hasan ambek Halim nang Royal disek, embo, paleng pacaran disek. Yowes lah, aku nang kampus terus nang masjid, sholet. Tak eleng-eleng maneng goblokku maeng rek. Iki kenek gawe pengalaman, nek ape nang nggon anyar,. Ojo lali ijin sek, engkok nek gak ijin, iso dipangan ambek wong seng duwe. Pelajaran saiki seng tak oleh teko dino iki maeng rek “wong gelap ojo sampek delap.” Oke a??? wes yo… daaaaahhhh….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar