Dino iki
aku kumpul rodok seje rek, mergane aku gak nang kantin, tapi langsung nang
masjid. Embo dungaren wetengku kok gak demo nang aku. Wong biasae jam 10 ae wes
demo seng judule “turunkan harga nasi kantin.” Iki wetengku gak demo rek. Paleng-paleng
wetengku iki wes jinak paleng. Sak marine iku, aku langsung nang masjid ambek
arek-arek. Koyok biasae aku kumpul sholat jamaáh rek. Sak marine jamaáh koyok
biasae, aku kumpul ambek arek-arek ngadakno ritual rutin seng diadakno sedino
pisan. (iku minimal reeeekkk,,,,) wajib pisan rek. Wes mari iku, aku, ambek
Yazed tok kumpul wisan tapi, Seng Yazed
wes keroso nek Hasan kate mrene. Terlihat radar rambute wes ngadek, obah dewe
mbentuk tulisan “enemy” iku langsung nyadar nek ape onok Hasan ape teko nang
kunu. Diluk engkas Hasan ambek Rendi teko. Mboooooookkkkk seng Yazed langsung
berubah rambute dadi super saiya 4,5. Gelisah, keringet adem metu teko
irunge,,,, sak wise iku, Hasan nyedek nang Yazed. Meneng karo. Tola-tole gak
jelas. Koyok manten anyar jek tas ketemu… emboh kok isin-isin karo. Wes lah
baba. Iku urusane arek-arek. Wes lanjut lah gak ngreken, tak tinggal nang njero
masjid. Sholat reeekkk….
Sak marine
metu teko masjid, aku kumpul, terlihat sosok-sosok penampakan seng gak jelas. Opo
maneng ndelok wajae Rendi seng nggarai aku gerogi kudu neseng ae, membuat perut
lapar jadi tertunda, iki kenek gawe obat keluwen wajae Rendi iki. Wes mari
sholat, alngsung ritual rek, emboh wes ngomong opo ae nang kunu. Aku nyela
ngomong masalah kocomoto. Mergane kocomotoku pecah kocoone rek, kudu nanges nek
ngeleng-eleng tragedy menggenaskan iku. Wes lah gak usah dieleng-eleng. Aku takon
nang Hasan regone kocoe kocomoto. Jarene mek 30 ewu. Tapi seng Yazed nyauti
larang maneng. “aku biyen nggenakno kocoe omahku larang rek, awet pisan.” “kocomoto
nyeeeeeetttt…. Duduk koco omah..” sauté Hasan. Terus suwe titik Habib teko. Aku
ndelok kocomotoe kok apik. Kocone onok loro lo reek… haha, wes lah, pertama,
Hasan nyacak kocomotoe Habib. “iki men piro arek iki? Kok aku ndelok koen pale
gak klamben?” Hasan ngomong nang Yazed. “mangkakno, Habib kok ndelok nang Halem
ae maeng. Merangsang paleng arek iku. Tembus pandang yo??” sauté Yazed. “matamu
a???” sauté Habib. “iku seng men iku rek duduk mripare Habib. Wong biasae seng
dikocomotoi iku duduk mripate, tapi bulu hidunge.” Sauté Yazed kejem nang
arek-arek. Arek-arek ngguyu kabeh. Seng Hasan nginceng nang lubang hisunge
Habib ambek ngomong “iku isi opo ae bib?” seng Yazed nyauti “iku nang njerone
iku isi rupo-rupo lho. Onok paser maleme pisan, ketambahan kolam renange, ambek
seng luwe penting, nang kunu onok seng dodolan jodoh lo. Bagi jomblo-jomblo iso
nang kunu mergane acara take me out iku diadakno nang kunu.” Ngerungokno penjelasane
tentang dunia bulu hidung maeng, arek-arek podo ngguyu kekel kabeh. Seng Habib
meneng ae. “wes lah rek, aku takon kocomoto kok sampek nang bulu hidung se??”
sautku. Arek, arek langsung meneng. Sak marine iku, Hasan nyacak kocomoto
maneng, ndelok nang Yazed ambek ngomong “nek ngene ngganteng koen tek,.” “ojok
fitnah koen san, wong emakku ae ngomong aku elek, awakmu ngomong aku ngganteng,
jelas fitnae yo,.” Sauté Yazed. Sak marine iku, seng Hasan nyoplok kocomotoe
Habib maeng. “lho…..” Hasan kaget. Terus digawek maneng kocomotoe. Diluk engkas
dicoplok maneng. “lho… nek gak tak gawek kok elek… waaaahhh…. Mbujuk kocomoto
iki… jelas nek gak nggawe kocomoto aku” omonga Hasan. Sak marine iku, aku meneng
a ewes embuh. Arek-arek kok mbahas iku kabeh. Aku mek takon regane kocomoto tok
kok tutuk kehebatane kocomoto. Sak marine iku rek, buyar kabeh, aku mlbu ambek
arek-arek nang kelas maneng. Sak durunge mlbu rek, aku nemu quotes seng apik tenteng
jomblo rek. Isi quote e ngene. “seorang jomblo itu nggak selalu menyedihkan,
menyengsarakan lebih sering.” Aku meker kata-kata iku rek. Iki gak jelas tapi
yo ngunu iku. Wes lah, gak usah direken yo…. Daaaaa….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar