Dino iki podo karo
biasae. Iyo, koyok biasae, aku nang kantin kampus karo arek-arek koncoku kabeh.
Gojlok-gojlokan bareng, mangan bareng, dulang-dulangan bareng, sampek njegor
kobokan bareng. Hehe… guyon kok. Saiki iku rodok seneng aku rek. Mergane aku isok
nggawe dulinan Rendi cakep iku lo. Seng si gigi tajam. Ceritane ngene. Iki aku,
Hasan, Yazed, ambek rendi koyok biasae kumpul bareng nang kantin kampus. Kabeh
pesen mangan tapi Rendi tok seng gak pesen. Tak takoni “koen gak mangan ta
ceng?” “aku sek wareg rek.” Iku jawabane. Terus disauti ambek Yazed “koen
mangan gak mangan podo ae ceng, gak isok tambah ngganteng.” Ngakak kabeh Yazed
mari ngomong ngunu. Wajae Rendi melok nesu, tapi yo melok ngguyu pisan, embo
atine nanges paleng. Wes mari, wayae mbayar, aku, Hasan wes mari mbayar kaet
maeng. Kari si Rendi atau Penceng seng dorong mbayar. “ayo mbayar rek” rendi
ngejak mbayar nang kantin. “aku ambek Hasan wes mari mbayar ceng. Kita kan anak
baik-baik.” Sautku ngunu. Terus si Rendi langsung nang ibuk njogo kantin mbayar
ngombene maeng.
Sak marine ngunu,
aku ndelok menisor, aku nemu obat seng tulisane CTM. Terus aku kok duwe niat
jahat yo,,,,, emboh kok dungaren. Pertamae se iseng. Aku njegorno obat CTM iku
maeng nang gelase si Rendi. Wong tak delok gelase wes kosong. Tak udek obate
iku. Terus aku ngomong ngene nang Hasan “san, iki engkok diombe Penceng gak??”
“yo gak ero, nek ndelok praene se pasti diombe…” morongunu, aku ngudek nang njerone
gelas iku maeng. Diluk engkas si rendi teko, ndilalah kersane alah areke
langsung njujuk nang nggon ngarepku, njupuk gelase, diombe banyu maeng. Aku ambek
Hasan ngguyu cekikikan dewe. Tak delok raine si rendi rodok nggobloki yoopo
ngunu. Terus diluk engkas si Rendi ngeroso aneh. “onok opo rek??” aku ambek
hasan ngguyu kekel. Terus diluk engkas raine si Rendi ketok mbecung. Ngroso onok
seng aneh nang banyu ngombene areke maeng. “he rek,,, ngombeku kok pait se???
koen keí opo rek???” takone Rendi. “takokno Udin kunu lo,,, maeng dikeí opo
ngombemu” jawabe Hasan. Terus sak marine iku Rendi langsung ndelok aku. Raine seng
nggarakno aku ngguyu ndelok aku terus. Areke ngguyu-ngguyu gak jelas ambek
takon nang aku. “hayo…… koen keí opo ngombeku wer???” takone Rendi. Aku mek iso
ngguyu gak njawab. Sak marine aku ngguyu iku areke ndlok bungkus cedeke
ngombene areke. Ketok bungkus obat. Dijupuk, di pendeliki, diambu, bahkan
didilat ambek Rendi. “iki opo iki wer???” takone Rendi. “lha wocoen dewe lo,,,
wong aku nemu pas awakmu ngadek maeng” jawabku. Terus bungkus maeng diwoco
ambek Rendi. Ketok tulisan guwede sak geden-geden tulisan CTM. “mangkakno
pahiiiittt….. sempel koen wer…” Rendi ngamok ambek ngguyu. Aku ambek Hasan amek
ngguyu kekel gak ketulungan. “nemen koen rek…..” sauté Rendi. Aku meneng, nahan
ngguyu, terus njawab lan njalok sepuro nang Rendi. Aku cerito sak durunge “sakjane
se aku gak niat ngeracuni awakmu ambek CTM, bareán yo gak ngara mempan. Asline se
aku maeng amek dulinan, eh ndilalah awakmu seng nggragas, yoiku wes resikomu. Aku
gak salah yo,,….. seng salah yo awakmu dewe., tapi sakdurunge yo aku njalok
sepuro lah, ,mergane yo kedaden koen keracunan CTM yo gara-gara gels iku maeng,
bareán ae, lapo gelas iku nang kunu, yo gak salah tangan jailku lah. Wes pokoke
sepurane yo…..” ceritoku ngunu. “koen gendeng ancene….” Sauté Rendi. Sak marine
iku, Yazed teko nang awak dewe. “wiiiihhhhh si rambut labirin teko” omongane
Rendi. “ayo mlebu rek…..” sauté Hasan. Terus arek-arek ngadek, mlaku lan mbalek
nang kelas. “nangndi rek???” takone Yazed. “mlbu tek,,, wayae kuliah….” Sauté Hasan…
“matane asu koen rek,,,, diparani buyar dewe-dewe” sauté Yazed ambek ngguyu,
terus maringunu Yazed melok mbalek pisan nang kelas. Wes buyar dewe-dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar