Geguyonan Biasa
Dino iki aku seneng mergane dino
iki aku kumpul ambek konco-koncoku nang kantin kampus. Sakjane se aku gak
seneng mergane aku ditinggal arek-arek budal disek. Yowes lah paleng-paleng
wetenge arek-arek podo keluruk bengok-bengok njalok dirabekno ambek sego
kantin. Aku nang perpus disek gawe ngurus kartu sakti. Aku dewe yo gak ero
gunane kartu sakti iku gawe opo. Aku takon nang seng nungguk perpus. “pak,
gunane kartu sakti iku opo se?” jawabane enak “eo awakmu cek duwe kartu sakti,
engkok kartune masih kekelindes trek tronton ae gak opo-opo, gak ngara mati.
Nek awakmu lak pasti mati nek kekelindes.” Aku mikir nang ati, iki seng goblok
sopo. Eowes lah, sak karepe wonge, pokoke aku wes ngurus iki. Terus sak marine,
aku ape nututi arek-arek nang kantin. Nang kono wes onok konco-koncoku seng
ngganteng-ngganteng jare pak dekan seng tak tuding nggawe bedil iku wes
ngenteni aku suwe. Iku jare arek-arek nek aku kesuwen, eowes lah gak geton rek.
Nang kunu onok macem-macem koncoku. Mulai Rendi si gigi tajam atau nama kerene
Penceng, Hasan ambek Yazid si kembar siam rambute tok. Wes iku tok. Aku takon
nang arek-arek “segoku nang ndi rek?” hasan njawab “peseno dewe.” Yowes lah,
aku budal pesen. Sak wise pesen, aku mangan sak enakku. Onok ngombe, sego,
kopi, lan CTM. Embo gawe opo CTM digowo penceng. Sak marine mangan, wes koyok
ritual biasane, gojlok-gojlokan wong akeh. Seng Hasan mesti ngomong ngene “he
brentek, nyobak sak menit ae gak usah ngomong rambut gak isok ta??” kabeh
ngguyu. Seng Yazed ngomong “takdirmu iku ancene diolok-olok, nek diapik-apikno
malah engkok fitnah, aku seng duso.” Moro seng Penceng nyaot “podo brintike
rame ae, tak rabekno lho.” Moro seng Hasan nyaot “ojok, engkok Mail cemburu.”
Ngakak kabeh, mergane Mail iku koncone kene lanang lugu temenan. Istilae iku
anak baik-baik. Iku jare pak dekan seng maeng. Mari gojlok-gojlokan pegel wes,
bengong kate lapo. Seng Penceng ngejak Hasan nang mol. Aku takon kate lapo nang
mol, jawabe Penceng enak “ape tolek SPG gawe Hasan cek gak galau ae.” Kabeh
ngguyu, tak wara pisan “nang jok e Chiko onok glangsing. Gowoen, beé ole akeh,
aku njalok pisan. ” “beres” jare Penceng.
Sak marine jam ndudokno jam
setengah sewelas. Wayae mlbu kelas. Mergane onok kuliah wayae metode penelitian
sastra. Embo pelajaran opo maneng iku. Nek kenek dipangan, aku semangat, lha
iki, emboh, tak tinggal turu iku engkok aku diilokno dewa tidur, tak tinggal
nekeran yo gak duwe neker. Eowes lah dilakoni ae melok plajaran iku maeng.
Kondisi nang jero kelas koplak. Koncoku aneh-aneh. Onok seng kuplukán ambek
onok seng gak nok kupinge, malah gak duwe rambut pisan. Iku emboh kenek opo kok
sampek gak nok kupinge, tapi sirahe anek-aneh. Akeh warnane, abang ijo, dll lah
pokoke.
Nang kelas aku meneng ae, kabeh
ngomong boso inggris, aku malah ngomong boso rambut ambek Hasan. Maklum, kami
sejoli tahan air, pilek seng iyo. Dosen nang ngarep njelasno opo iku aku gak
ero. Angel tenan ae, wong boso inggris kabeh. Karuan boso Indonesia aku sek
rodok ngerti titik, gak ngertine seng akeh, paleng nek di itung prosentase
ngunu aku 99% gak ngerti, ngertine mek !%. iku ae mekso takon nang koncoku. Sak
wise iku mole wes. Aku nang masjid ambek arek-arek. Sembayang jamaáh. Maklum
lah, anak baik-baik jare pak dekan maeng. Pas sak marine sembayang. Koyok
biasae wes, ritual gojlok menggojlok dilakoni. Saiki areke tambah akeh,
ketambahan Halim si permaisurine Yazed. Nek teko mburi, mbooookkk,,,,,, ketok
rambute ngombak peceren. Opo maneng teko ngarep,,… wiiiiiiihhhhhhhh,,,, ketok
jenggote kasar koyok tebing. Ojo ngeres sek. Halim iku lanang seng nyrupai
wedok nek teko mburi. Mangkakno Yazed kesengsem ambek Halim, meskipun iku
kepeksan keadaan jomblo seng gak aturan iki. Pas kumpul, aku dijaluki tolong
ambek Halim maeng. Dijaluki kongkon nggenakno hape layar sentuh meeeen…. Wiiiihhhhhh,,,,
layare iso dijempok, terus mlaku dewe ae,… asiik men. Hapene dikekno nang aku.
“suwon lho.” Jawabku. “genakno cong, ojo dipek” jawabe Halim. “iki kenek opo?
Kenek racun ta?” aku takon ngunu. Halim malah njawab “kenek beling wingi,
jahitno., beé parah. Gak ndol…. Iki lo genakno yoopo carane ngganti iki
aplikasi diganti nang memori njobo.” Berhubung pengalamanku seng luar biasa
nyekel hape canggiih, tak tulungi areke, “aku pengalaman nyekel hape canggih
ngene iki wes suwe…. Sampeg gak kenek diitung ambek tangan suwene. Sekitaran
telung wulanan. Tapi, njalok genakno hasan ae seng luwe pengalaman timbang aku.
Deé duwe pengalaman telung wulan punjul rong jam nyekel hape canggih.”
Omonganku nang Halim. Halim ndlok Hasan, matane berbinar nunjukno nek Halim
jatuh cinta nang Hasan. Tapi hasan berbalik arah ndelok Yazid ambek ngomong
“maaf yank, aku selingkuh diluk ya???” mboh…. Kumat kabeh. Sakwise iku, telung
menit… petang menit,,,, sejam,,,sedino,,, setahun,,, dll.. “aku gak isok lem”
jawabe Hasan. Halim sedih, ada air menetes dari hidungnya. Ndilalah Halim
pilek, umbele metu titik. Yowes lah. “aku duwe cara pas kanggo awakmu lem.
Uninstall ae, engkok donlod maneng.” “iyo ta??” aku mantuk. Terus diuninstall
deh aplikasine. Maringunu areke bingung download. “terus yoopo iki?” “yo
download lem maneng aplikasine…. Nang apotek kono lo.” “owh…. Yowes lah, aku
tak budal.” Heh???? Wes mari buyar kabeh, mole kabeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar