Minggu, 31 Maret 2013

Cara Ngatasi Ngantok Nang Moco


Partuji lagi galau rek, areke jek tas putus cinta. Terus ndolek aktivitas liyane cek isok move on teko mantane. Partuji milih moco. Eh ndilalah kersane alah ben moco oleh kiro-kiro rong menit, Partuji wes ngantuk. Sak jek iku Partuji pale males moco maneng, ngelamun ae, kesurupan lan dadi gendeng. Eman yo,,,.. gara-gara gak moco pale gendeng.

Teko cerito nang ndukur iku rek, kenek gawe kesimpulan nek bongso menungso moco iku gawanane ngantuk ae. Bener ta gak?? Mergane aku biyen yo tau ngalami koyok ngunu iku. Aku biyen sak durunge seneng moco koyok ngene iki, aku yo ngerasakno koyok Partuji, sejene mek Partuji iku mari putus, tapi aku gak tau putus (jomblo emang putus ambek sopo?) wes lah, lanjut. Nang kene, aku ape mbagekno pengalamanku kok sampek moco iku gak ngantuk. Iki pembahasane rek.

1. Moco buku seng mbok senengi

Pembahasan iki rek, nek awakmu gak seneng moco, tapi kepingin iso moco tanpa ngantok, carane yo wocoen buku seng mbok senengi. “Tapi masalae Din, aku gak seneng ambek buku ae. Piye Din?” iku wes resikomu rek…. Hehehe,,, guyon kok. Nggak rek, tapi intine iku wocoen seng mbok senengi, semunggoko hoby mu iku seneng bal-balan. Pertamae yo mocoo Koran sport. Iku usahakno wocoen kabeh kata-katae  nang Koran iku. Nek hoby mu manceng yo moco ae buku panduan mincing. Utowo buku seng onok gambare iwak. Nek hoby mu iku maleng rek. Embo maneng. Iku urusanmu tolek buku tentang maleng. Nek wes mari nemu bukumu reekkk, usahakno ben dino wocoen bukumu. Minimal 21 dino. Iku kanggo kebiasaan tok, ben awakmu biasa ndelok tulisan seng mbulet koyok rambut kriwol.

2. nggowoó barang kesenenganmu

Seng iki rek nek wes mari nglakoni seng ndukur, cobaken moco buku liyane buku kesenenganmu. Wocoen iku reeekkk…. Tapi nek awakmu sek ngantuk ae, nggowoo barang kesenenganmu seng isok ngisi waktu malesmu. Tapi eleng waktu rek. Iki kesadaranmu dewe. Barangmu iku amek gawe ngisi waktu bosen nek pas awakmu keroso ngantuk pas wayae moco buku. Barang seng mbok senengi iso rupo hape, golekán utowo buku pisan. Hahaha… pokoke ojo nggowo pacar rek. Sakno bukumu dadi nagleh fungsi dadi obat lamok.

3. ngejak arek istimewa

Seng nomer terakir iki rek, iku kanggo arek-arek seng niasae males poooollll moco buku, tapi mesti jaim nang pasangane dewe-dewe. Iyo rek,, jaén arek istimewamu kanggo moco. Artine rek, awakmu nang kene kudu moco nang ngarepe arek istimewa. “Nang kene seng jenenge arek istimewa iku yoopo se Din?” yo arek istimewa rek, arek seng mbo senengi, mulai teko pacar, wong tuo, guru utowo dosen, sampek tukang sampah pengger omah yo isok. Tujuanmu nang kene rek, awakmu ben iso mekso awakmu kanggo mbatesi roso ngantuk pas wayae moco buku rek.

Ancene cara-cara koyok ngene iki rek rodok angel mergane mek sewu siji wong seng seneng moco buku. Tapi nek awakmu kuliah rek, iku wajib moco buku kanggo awakmu. Eleng rek, buku iku jendela dunyo. Nek awakmu moco buku berarti awakmu pisan mbukak jendelone ndunyo. Pokoke cara-cara nang ndukur iku isok gak nok gunane blas rek nek awakmu gak duwe niat nglakoni. Dadi intine nang kene rek, awakmu kudu niat kepingin berubah disek rek. Pokoke intine mek siji. Awakmu iku isok ngrubah urepmu. Oke a??? eowes lah…. Da…..

1 komentar:

  1. tolong komenen pisan rek nek isok.... suwon sak durunge moco tulisanku

    BalasHapus