Dino iki aku, Hasan,
Yazed ambek Rendi nang kantin koyok biasae. Pesen mangan, gojlok-gojlokan
sampek siram-siraman banyu es kepruk kendil nang kunu. Seng menang mesti Rendi
mergane areke gak Cuma nyiram tok, tapi nyemprot liwat untune seng koyok selang
pemadam kebakaran seng onok tulisan “sedot wc” iku seng nggarakno Rendi
menangan. Sak marine iku pegel kabeh wes, terus mandek wong papat,
delok-delokán, sampek nduwe pikiran dewe-dewe. Seng Yazid aku yakin pasti
mikirno Halim.
Sak marine mangan
lan ritual iku maeng rek, onok arek seng teko. Iyo, aku yo kaget, kok isok lalu
isok ngerti nggone ritual awak dewe. Opo ancene arek iku duwe alat pendeteksi
rambot brentek yo? Embo maneng se. yoweslah. Iku nggarakno penasaran aku. Lalu moro
nang awak dewe ambek praen kudu mangan untune Rendi. Wajah yang memukau
membuatku kudu neseng ndeloké. Lalu moro nyedek koyok menje marani sego karak. Sediluk,
areke moro. Sak menit,,,,,,rong menit…….telung menit…… sampek menit-menitan
areke longgo. Tak delok arek iku sediiiiihhhh ngunu koyok mari kelangan jati
dirine. Diluk engkas areke takon nang awak dewe. Sak benere se curhat, gak
takon.
Lalu mulai cerito
nang awak dewe, ternyata arek iku onok masalah rek. Iyo,,,,, sumpah,,, masalah
lo, duduk masakan. Lalu cerito masalae ambek awak dewe. Arek iku mari kelangan
dompet sak isine, aku kaget, Hasan kaget Yazed kaget, Rendi goyang harlem shake
ambek gembira ambek ngomong “aku duwe konco kelangan dompet,,, hahaha…. Ternyata
ada yang lebih kopler dari aku,.” Kabeh ngguyu. Seng Lalu wajae miris rek. Tak takoni
onok opo ae isine nang dompet maeng. Seng lalu njawab onok sembarang kaler. Tak
sauti maneng “berarti nang dompetmu pisan awakmu nyengetno pacarmu?” seng
liyane arek-arek ngguyu. Aku tola-tole. Opo onok seng salah nang aku?. Yowes lah
terus lanjut. Seng Hasan nyumet rokoke. Aku ndelok Hasan nyedot keluk terus
ditokno menisor keluke,. Dengan kata-kata koyok Jiraiya tokoh Jepang iku arek
iku ngomong “Hidup itu keras..!!!” kabeh ngguyu. Seng Rendi takon nang hasan “awakmu
dungaren des ngomong teges?” seng Hasan ngguyu ambek ndudokno rokoke seng
kebul-kebul “iki opo ceng seng nggarakno..” seng aku ndelok ambek ngguyu kekel
eleng omongane pak Aceng seng ngomong ngrokok iku nggarakno sehat. Morongunu Lalu
curhat maneng tentang isine dompet iku maeng rek. Diomongi nek dompet iku isine
duwek plus STN ne sepeda. “lawas…!!!” sauté Hasan “nek koen iseni Jodohmu y
owes tak toleki kaet maneg.” Ngguyu kabeh ngrungokno omongane Hasan maeng. “ojok
guyon tala rek,,, aku iki temenan.” Sauté Lalu. Aku meneng mikir. Terus Hasan
langsung ngomong “yo nguruso surat kehilangan disek nang polisi. Masalah KTP mu
gampang. Engkok langsung nang polisi kabeh ngomongo nek awakmu kelangan dompet
sak isine.” Seng kabeh ndelok nang Hasan. Seng Rendi langsung ngomog “ koen kok
dungaren teges des? Wes lereno rokoan des, engkok nggarakno pinter ae koen des.”
“hidup itu keras ceng. Nggak selalu enak” sauté Hasan. Hahaha…. Wes lah aku
pegel ndelok engkelan-engkelane arek loro iku. Morongunu tak delok jam, wes jam
setengah 11, wayae mlbu dosen killer instinct rek. Wes buyar dewed ewe. Teko cerito
dino iki aku maeng entok telung amanat. Seng
pertama, nek oleh masalah mending share nang konco. Ben konco isok ngewangi
nyelesaino. Seng nomer loro iku seng
jare Hasan maeng. Eleng rek, nek hidup itu keras, hidup butuh perjuangan. Terus
seng nomer telu iki rek seng terpenting. Yoiku Rokok nggarakno awakmu pinter. Pinter
ngglambyar maksudku, hahahah…. Wes rekkk,,,, daaaaaahhhhhh…………….. komen
sakperlune yo,,,,