Partuji lagi galau
rek, areke jek tas putus cinta. Terus ndolek aktivitas liyane cek isok move on
teko mantane. Partuji milih moco. Eh ndilalah kersane alah ben moco oleh
kiro-kiro rong menit, Partuji wes ngantuk. Sak jek iku Partuji pale males moco
maneng, ngelamun ae, kesurupan lan dadi gendeng. Eman yo,,,.. gara-gara gak
moco pale gendeng.
Teko cerito nang
ndukur iku rek, kenek gawe kesimpulan nek bongso menungso moco iku gawanane
ngantuk ae. Bener ta gak?? Mergane aku biyen yo tau ngalami koyok ngunu iku. Aku
biyen sak durunge seneng moco koyok ngene iki, aku yo ngerasakno koyok Partuji,
sejene mek Partuji iku mari putus, tapi aku gak tau putus (jomblo emang putus
ambek sopo?) wes lah, lanjut. Nang kene, aku ape mbagekno pengalamanku kok
sampek moco iku gak ngantuk. Iki pembahasane rek.
1. Moco buku seng
mbok senengi
Pembahasan iki rek, nek
awakmu gak seneng moco, tapi kepingin iso moco tanpa ngantok, carane yo wocoen buku
seng mbok senengi. “Tapi masalae Din, aku gak seneng ambek buku ae. Piye Din?”
iku wes resikomu rek…. Hehehe,,, guyon kok. Nggak rek, tapi intine iku wocoen
seng mbok senengi, semunggoko hoby mu iku seneng bal-balan. Pertamae yo mocoo Koran
sport. Iku usahakno wocoen kabeh kata-katae
nang Koran iku. Nek hoby mu manceng yo moco ae buku panduan mincing. Utowo
buku seng onok gambare iwak. Nek hoby mu iku maleng rek. Embo maneng. Iku urusanmu
tolek buku tentang maleng. Nek wes mari nemu bukumu reekkk, usahakno ben dino
wocoen bukumu. Minimal 21 dino. Iku kanggo kebiasaan tok, ben awakmu biasa
ndelok tulisan seng mbulet koyok rambut kriwol.
2. nggowoó barang
kesenenganmu
Seng iki rek nek wes
mari nglakoni seng ndukur, cobaken moco buku liyane buku kesenenganmu. Wocoen iku
reeekkk…. Tapi nek awakmu sek ngantuk ae, nggowoo barang kesenenganmu seng isok
ngisi waktu malesmu. Tapi eleng waktu rek. Iki kesadaranmu dewe. Barangmu iku
amek gawe ngisi waktu bosen nek pas awakmu keroso ngantuk pas wayae moco buku. Barang
seng mbok senengi iso rupo hape, golekán utowo buku pisan. Hahaha… pokoke ojo
nggowo pacar rek. Sakno bukumu dadi nagleh fungsi dadi obat lamok.
3. ngejak arek
istimewa
Seng nomer terakir
iki rek, iku kanggo arek-arek seng niasae males poooollll moco buku, tapi mesti
jaim nang pasangane dewe-dewe. Iyo rek,, jaén arek istimewamu kanggo moco. Artine
rek, awakmu nang kene kudu moco nang ngarepe arek istimewa. “Nang kene seng
jenenge arek istimewa iku yoopo se Din?” yo arek istimewa rek, arek seng mbo
senengi, mulai teko pacar, wong tuo, guru utowo dosen, sampek tukang sampah
pengger omah yo isok. Tujuanmu nang kene rek, awakmu ben iso mekso awakmu
kanggo mbatesi roso ngantuk pas wayae moco buku rek.
Ancene cara-cara
koyok ngene iki rek rodok angel mergane mek sewu siji wong seng seneng moco
buku. Tapi nek awakmu kuliah rek, iku wajib moco buku kanggo awakmu. Eleng rek,
buku iku jendela dunyo. Nek awakmu moco buku berarti awakmu pisan mbukak jendelone
ndunyo. Pokoke cara-cara nang ndukur iku isok gak nok gunane blas rek nek
awakmu gak duwe niat nglakoni. Dadi intine nang kene rek, awakmu kudu niat
kepingin berubah disek rek. Pokoke intine mek siji. Awakmu iku isok ngrubah
urepmu. Oke a??? eowes lah…. Da…..